Rabu, 18 Juli 2012

Wani tanpa aji


Waosan: Yesaya 10 : 5 – 7, 13 – 16
Tiyang ingkang kagungan watak wani, adatipun karana nggadhahi andel-andel, aji-aji kawijayan utawi kadigdayan. Tiyang ingkang rumaos boten gadhah kadigdayan utawi aji-aji gampil kraos ajrih ngadhepi punapa lan sintena kemawon.
Nabi Yesaya wantun melehaken bangsa Israel lan Asyur ingkang mursal. Ingkang dipun welehaken punika boten namung satunggaling tiyang, utawi tiyang-tiyang, utawi tiyang kathah, nanging malah bangsa, bangsa-bangsa. Bebayanipun piweleh punika tamtu saestu ageng sanget. Kamangka nabi Yesaya bebasan boten kagungan punapa-punapa kagem ngadhepi bebaya punika. Piweleh punika tetep dipun tindakaken nadyan penjenenganipun kedah ngalami dipun tampik, dipun sengiti lan dipun usir. Nabi Yesaya “wani tanpa aji”. Nabi Yesaya namung pitados lan ngugemi kaluhuran lan pangwasanipun Allah ingkang ngedab-edabi.
Kita punika asring rumaos ajrih melehaken (menegor) tiyang sanes ingkang lepat, ingkang cetha tumindak piawon. Langkung-langkung yen ingkang prayoginipun kita welehaken punika boten namung tiyang satunggal, tiyang ingkang langkung sepuh yuswanipun tinimbang kita, langkung inggil kalenggahanipun. Saya malih yen ingkang kedah kita welehaken punika satunggaling golonganing tiyang kathah, pamarintah, bangsa, saya ajrih kita nindakaken piweleh punika. Tamtunipun ingkang kita ajrihi, yen karana piweleh punika, kita lajeng dipun sengiti, dipun pekak hak-hak kita, dipun kuya-kuya, dipun usir saking papan padunungan kita; “mengko malah rugi dhewe”.
Kita pribadi lan patunggilaning greja, minangka nabinipun Gusti, kedah wantun melehaken ingkang pinanggih lepat, ingkang mblasar tumindakipun, boten perduli sintena kemawon punika.  Langkung-langkung selaku tiyang Jawi, kita kedahipun wani nadyan tanpa aji, nadyan boten gadhah kadigdayan kanuragan. Nanging kita sampun pinaringan kadigdayan srana pakaryaning Sang Roh Suci. Kita boten prelu ajrih, jer Gusti kang maluhur piyambak ingkang nanggel gesang kita, ingkang ngreksa lan ngrimati gesang kita. Ewasamanten, kita kedah melehaken kanthi alus lan urmat, klayan katresnan lan andhap asor, boten grusa-grusu. Srana makaten kita saged nyuda bebayaning piweleh punika. Amin. [ST]
“Wong kang wani njejegake bebener tansah rineksa ing sihe Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar