Rabu, 04 Juli 2012

Manusa Langkung Aji


Waosan: Matius 8: 28 – 34
Kathah tiyang tega ingkang ngurbanaken sesambetanipun kaliyan tiyang sanes demi pikantuk bandha utawi barang darbe. Malah jaman rumiyin, criyosipun, tiyang tega ngurbanaken anak dhateng dhemit murih pikantuk kasugihan.
Gusti Yesus ngidini para dhemit medal saking tiyang kekalih ingkang kasurupan, lajeng mlebet dhateng babi-babi. Punika nelakaken bilih menggahing Gusti Yesus kasarasanipun tiyang kekalih punika langkung aji tinimbang babi-babi kalawau. Karaharjan lan katentremanipun manusa punika langkung wigatos tinimbang barang darbe.
Swaunipun (saderengipun tiyang kekalih punika kasarasaken) boten wonten tiyang ingkang wantun liwat ing papan ngriku. Srana kasarasaken saking anggenipun kasurupan, tiyang kekalih punika uwal saking panandhangipun lan boten mbebayani tiyang sanes. Dados tiyang-tiyang sanes samangke saged liwat ing papan ngriku kanthi aman lan tentrem.
Ewasamanten, tiyang-tiyang ing kitha Gadhara langkung ngeman babi-babinipun, barang darbekipun. Katitik anggenipun tiyang-tiyang punika nyuwun supados Gusti Yesus enggal nilar papan ngriku. Tiyang-tiyang punika boten purun ngurbanaken barang darbekipun kagem karaharjan lan katentremaning tiyang sanes lan masyarakat.
Punapa paedahipun barang darbe yen boten saged nuwuhaken karaharjan lan katentremaning gesang bebrayan (masyarakat)? Sadaya barang darbe dipun paringaken dening Gusti supados ndhatengaken karaharjan lan katentremening manusa lan gesang bebrayan.
Pramila saking punika, kita kedah purun kanthi lila yen kita kedah ngurbanaken barang darbe kita kagem karaharjan lan katentremaning gesang bebrayan. Punika karsanipun Gusti. Langkung-langkung kita selaku tiyang Kristen, kita kedah nindakaken karsanipun Gusti Yesus punika kagem masyarakat. Kita kedah kanthi sukalila ngaturaken sumbangan kagem kaperluan karaharjan lan katentremaning bebrayan. [ST]
“Karaharjan lan katentremen manusa punika langkung aji tinimbang barang darbe”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar