Senin, 30 Juli 2012

Gedhe Dayane


Waosan: Matius 13: 31-35.
Pamuji  :  KPK 150 : 1, 2

Nats: “… Kraton Swarga iku umpamane kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar …” (ay. 32)
Wonten satunggal iklan ingkang ngetingalaken saperangan lare TK ingkang dipun suwun dening gurunipun nggambar punapa kemawon ingkang dipun remeni. Kathah ingkang gambaripun sae, warni-warni. Ananging wonten satunggaling bocah ingkang nggambar enthung (kepompong) alit lan ing pojokan buku gambar. Rencang-rencangipun sami gumujeng, karana gambaripun boten spektakuler (heboh) kados sanesipun. Ananging boten wonten ingkang nyangka bilih punika nembe pambuka, karana ing wingkingipun taksih wonten gambar lintunipun lan menawi dipun bikak satunggal baka satunggal, ngetingalaken metamorfosis (ewah-ewahan) enthung dados kupu ingkang endah.
Mekaten ugi bab iman. Iman punika pancen boten wonten takeranipun, sepinten lebetipun lan sepinten kadharipun antawis manungsa satunggal lan satunggalipun. Ingkang baku bilih yen tiyang nggadhahi iman, sepintenta agengipun, sepintena kadharipun mesthi badhe wonten pengaruhipun ingkang sae. Kagambaraken kados wiji sawi ingkang alit, ingkang kapendhet lan kasebar. Wekdal ngrembaka saged dados ageng lan dados papan padununganipun peksi. Mekaten ugi ragi ingkang namung sekedhik, kapendhet lan dipun uleni kaliyan glepung lajeng dados adhonan roti ingkang sae. Mbokmenawi wiji  lan ragi kalawau ketingal sepele, tur alit, ananing ageng dayanipun. Menawi sampun dipun uleni ananging rotinipun bantat, lan wekdal dipun tandur malah boten saged thukul. Lajeng punapa kalepatanipun?
Kita punika kalebet manungsa ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus. Ananging dayanipun iman kapitadosan punika asring boten karaosaken. Kita taksih ngraosaken awrat, ajrih, kuwatos lan tebih saking ayem tentrem. Pitakenanipun, punapa kita taksih saged pitados kanthi estu dhumateng Gusti? Utawi kita langkung  pitados dhateng kekiyatan sanes ingkang paring janji pangluwaran, kasugihan, kasarasan kanthi syarat mawarni-warni? Mbokmenawi iman kita kirang manteb lan yakin. Pitados punika ugi ateges mitadosaken, pasrah gesang sawetah kanthi yakin katuntun astanipun Gusti. (PKS)
“Dayanipun iman saged ndadosaken bab ingkang mokal dados kasunyatan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar