Jumat, 20 Juli 2012

Tumindhak Nglangkungi Pranatan


Waosan: Mateus 12:1 – 8.
Pamuji: KPK 193

Nats: “….Kang Sunkarsakake iku kawelasan, dudu kurban, mesthi kowe ora ngukum wong kang ora kaluputan…” (ay. 7)
Kang Paijo menika sopir angkutan kota ingkang saweg ngoyag setoran. Krana kemrungsunging manah awit kedah pikantuk setoran, Kang Paijo ngebut anggenipun nyopir. Mobil ingkang dipun kemudheni dipun genjot kemawon, lha dalah…wonten ing prapatan lampunipun abrit. Krana mlajengipun mobil saweg banter, Kang Paijo boten mandheg, malah bablas kemawon. Pritt….pritt…. Kang Paijo dipun tilang. Nalika Kang Paijo taksih nengga serat tilang, dumadakan wonten swanten sirine lan sanadyan lampunipun abrit, rombongan menika mlajeng kemawon. Lajeng Kang Paijo mungel: ”lha kula wau dipun tilang kok rombongan menika boten dipun tilang?” Polisi ingkang nilang Kang Paijo paring wangsulan:  ”wah yen rombongan kae khusus krana rombongan RI-1”
Para kinasih, pranatan pancen kaginakaken kagem mranata tiyang kathah supados saget tata. Ananging pranatan menika ugi saget dipun trajang nalika wonten ing swasana “khusus.” Sami kaliyan ingkang dipun dhawuhaken Gusti Yesus dhateng tiyang Farisi wonten ing waosan kita dinten menika. Krana wonten swasana “khusus” pramila para sekabat dipun parengaken dening Gusti Yesus nyethuti gandum sanadyan dinten Sabat. Kekhususan-nipun inggih menika krana saweg nandhang luwe. Luwe menika gegayutan kaliyan gesang. Tegesipun, pranatan kedahipun nata pigesanganipun manungsa supados saya gesang boten malah jireti gesangipun manungsa.
Estunipun boten lepat tiyang Farisi ngugemi pranatanipun Sabat awit pranatan menika underanipun angger-anggeripun Toret. Ananging ingkang lepat inggih menika ndadosaken pranatan langkung utami tinimbang gesang. Estunipun Gusti Yesus nedahaken underaning gesang boten krana netepi pranatan nanging krana pitados dhateng Putranipun Manungsa (ayt 8). Menika boten ateges bilih tiyang ingkang pitados Gusti Yesus boten manut pranatan, nanging tiyang pitados kedhah dados tulada anggenipun nindakaken pranatan. Pranatan kedah dipun tindakaken supados pigesangan saya tata lan nunutun manungsa sowan nyuwun gesang dhateng Gusti Yesus.(to2k)
“Pranatan katetepaken kagem karaharjaning gesangipun manusa”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar