Selasa, 24 Juli 2012

Ngramesi Tanda


Waosan: Mateus 12:38 – 42 
Nats: “….kajaba mung pratandhane Nabi Yunus…..” (ay 39)
Yu Sri saweg masak mawi tungku sanes kompor. Dumadakan, baduganipun pawon menika kobong. Lajeng Yu Sri nggraita: ”sapa yo sing arep mertamu iki kok badugan pawonku kobong…” Srana tandha badugan pawon ingkang kobong Yu Sri ngramesi bilih badhe wonten tamu. Mekaten ugi, nalika ing sakiwa-tengening griya kita wonten peksi prenjak ngoceh kita asring ngrames-ngramesi bilih badhe tampi tamu. Tuladha menika minangka salah satunggalipun bukti ingkang nedahaken bilih ing gesang padintenan kita asring pinanggih pratandha ingkang ngemu teges lantaran anggen kita ngramesi tandha kala wau.
Kirang langkung ing pigesangipun tiyang Israel wanci jamanipun Gusti Yesus ugi sampun dados pakulinan mirsani pratandha kados dene gesang kita jaman samangke. Pramila nalika wonten tiyang Farisi lan ahli Toret nyuwun pratandha, tiyang-tiyang kala wau api-api badhe nyuwun pitedah saking Gusti Yesus, nanging manahipun kabidhung raos sengit. Pramila Gusti Yesus paring wangsulan ingkang pedhes lan boten sumedya paring tandha. Menapa Gusti Yesus sengit kaliyan ahli Toret lan Farisi? Tamtu boten mekaten. Ingkang dipun kersakaken Gusti Yesus inggih menika supados tiyang Farisi lan ahli Toret menika mratobat kados dene tiyang Niniwe ing jamanipun nabi Yunus. Kanthi mekaten, pamratobat menika ingkang njalari manungsa saged mangertos pratandha kawilujengan ingkang dipun gelaraken dening Gusti Yesus. Awit, sanadyan Gusti sampun nggelar pratandha lan panguwaos ananging yen pandulunipun manungsa taksih kalinglingan dosa tamtu boten saged ningali kawilujengan menika.
Makaten ugi, yen gesang kita kareridhu ing dosa, manah kita taksih kagilut raos sengit, tamtu kita boten saged mangertosi lan ngraosaken berkahipun Gusti. Pramila ingkang kita betahaken supados kita mangertosi pratandha lan berkahipun Gusti Yesus, inggih menika kita kedah mratobat. (to2k)
“Pitobat ngresiki panduluning manah kita tumrap pratandhaning sihipun Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar