Jumat, 04 Juli 2014

Aku Ra Papa

Waosan : Matius 10 : 16 – 23  |  Pamuji : KPK 79
Nats : “…aja padha sumelang ing bab kapriye lan apa kang bakal kokaturake, amarga iku kabeh sanalika iku uga bakal kaparingake marang kowe… [ayat 19]

Istilah ingkang kawentar ing antawising tiyang nem-neman jaman samangke inggih menika aku ra papa. Nadyan mboten kiyat utawi awrat nyanggi momotan, tetep mungel aku ra papa, supados ketingal kiyat. Wonten malih kahananing manungsa ingkang mboten pitados kaliyan panguwaospun Gusti Allah. Ngendelaken kesagedan, kasugihanipun. Conto: tiyang kirang pitados bilih Gusti punika sumbering obat lan kesarasan. Tiyang namung pitados saged saras saking sakitipun awit obat ingkang dipun inum. Aku isa sugih merga aku sing usaha mati-matian, mboten amargi Gusti Allah ingkang sampun paring berkah.
Ndherek Gusti Yesus punika inggih kedah ngandelaken Gusti, pasrah sawetahing gesang kita dhumatheng panguwaosipun Gusti. Mboten kok epok-epok (pura-pura) kiyat nyanggi perkawising gesang, nanging nyatanipun mboten kiyat nyanggi. Kita kedah pitados bilih Gusti Yesus sampun nyawisaken sedaya kagem tiyang pitados.
Kados ing waosan kita nalika para Rasul kautus dening Gusti Yesus, kados dene wedhus gembel dhateng ing satengahing asu ajag (ayat 16), mesthi badhe manggihi alangan lan bebaya ageng. Ananging Gusti dhawuh badhe ngirid lampahipun, nyagedaken nglangkungi sedaya reridhuning gesang, lan ugi nyagedaken kita dados seksinipun Gusti ingkang sae (ayat 19). Ingkang dipun betahaken inggih menika watak jujur dhumateng Gusti menawi kita mboten kiyat, lsp. Gusti mesthi bakal nyawisaken lan nyagedaken kita. Tuladhanipun kita mboten saged paring pangapunten dhateng tiyang sanes, awit saking sanget sengitipun kaliyan tiyang punika. Menawi kita blaka lan nyuwun tulung dhateng Gusti, mesthi Gusti Yesus badhe nyagedaken kita paring pangapunten dhateng tiyang punika. Kita mboten saged lelados ing mimbar, awit kathah anggota majelising pasamuwan ugi ajrih menawi badhe lelados kotbah wonten ing mimbar, menawi kita purun nyuwun, Gusti mesthi nyagedaken. Sumangga kita pitados, masrahaken gesang kita dhateng Gusti. Gusti sampun nyawisaken sedaya perkawis ingkang dipun betahaken dening kita tiyang pitados. [Yono]
“Gusti, kasagedna kawula dados seksi lan pelados Paduka!”