Senin, 16 Juli 2012

Pangurbananipun Palados


Waosan: Matius 10 : 34 – 11: 1
Nats: “…sing sapa aweh banyu … sanadyana mung sacangkir, … wong iku bakal nampa pituwase.” (ay. 42)
Kala-kala pakaryanipun Gusti Yesus punika ngedab-edabi, ewed sanget dipun nalar. Katresnanipun Gusti Yesus ugi ewed dipun jlentrehaken srana pitembungan, namung saged dipun raosaken. Lah makaten ugi dhawuh pangandikanipun Gusti Yesus kala-kala ugi ngedab-edabi, ewed dipun mangertosi lan dipun tindakaken. Ewasamanten, boten ateges boten saged dipun mangertosi; saged dipun mangertosi lan dipun tindakaken.
Pangandikanipun Gusti Yesus ingkang landhep punika boten ateges bilih para pendherekipun kedah boten ngajeni tiyang sepuh. Dhawuhipun punika ugi boten ateges para pendherekipun kedah sami memengsahan. Nyatanipun Gusti Yesus wongsal wangsul mucal lan paring angger-angger tresna-tinresnan. Ingkang dipun karsakaken dening Gusti inggih punika bilih saben tiyang ingkang badhe ndherek lelados Panjenenganipun kedah siaga ngurbanaken punapaa kemawon, kalebet nilar tiyang sepuhipun, yen pancen kedah makaten, lan malah kedah siaga kecalan nyawanipun. Lah makaten punika kasetyan lan pangurbananipun para paladosipun.
Pramila, sintena kemawon ingkang nggatosaken gesangipun paladosipun Gusti mesthi nampi pituwasipun (upahnya). Nadyan alit lan sepelea kados punapa peparingipun tiyang dhateng paladosipun Gusti, mesthi kaetang dening Gusti, mesthi nampi piwalesipun. “…sing sapa aweh banyu … sanadyana mung sacangkir, … wong iku bakal nampa pituwase.”
Ingkang punika, para kinasih, sampun owel ngaturaken peparing dhateng paladosipun Gusti, sampun rumaos aras-arasen migatosaken gesangipun paladosipun Gusti. Sintena lan kadosa pundi kemawon kawontenaning paladosipun Gusti ingkang piniji punika. Pramila, sampun ngantos rumaos getun karana sampun migatosaken gesanging paladosipun Gusti; sampun getun karana sampun ngaturaken peparing dhateng paladosipun Gusti. Gusti mesthi paring piwales, mesthi mberkahi kados ingkang dipun dhawuhaken piyambak. [ST].
“Sapa kang dhemen peparing, mesthi ya pinaringan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar