Sabtu, 28 Juli 2012

Sapaket


Waosan : Yeremia 7: 1-11.
Pamuji  : KPK 148: 1, 3

Nats: “……Sira mbecikna tindak-tanduk lan panggawenira, Ingsun banjur bakal karsa dalem ana ing kene nunggil karo sira” (ay. 3)
Asring manungsa punika mantha-mantha gesang kanthi takeran pundi ingkang sipatipun jasmani lan pundi ingkang sipatipun karohanen. Sekolah, nedha, sesrawungan, nyambut damel punika ingkang asring dados perangan kajasmanen. Lajeng ngibadah, ndedonga, memuji punika perangan karohanen. Pangertosan ingkang kados mekaten asring ugi ndadosaken manungsa nggadhahi pemanggih, menawi sipatipun karohanen langkung agung tinimbang ingkang kajasmanen. Tuladhanipun menawi ing greja, punapa ingkang medal saking tutuk punika kalebet bab kasaenan, ngluhuraken asmanipun Gusti, maos Kitab Suci. Menawi ing gesang padintenan ingkang sipatipun kajasmanen, ngrasani, tembung reged punika kalebet limrah tur malah sampun dados pakulinan.
Nabi Yeremia ing rikala semanten paring pepenget tumrap Bangsa Israel ingkang ngabekti dhumateng Gusti. Pangibadah dhumateng Gusti punika boten namung prakawis nyowanaken badan lumebet dhateng padalemanipun Gusti, ananging ugi nyowanaken manah ingkang mujudaken kados pundi anggen kita nglampahi gesang padintenan. Pitedahipun Gusti inggih badhe nunggil ing pigesanganipun para umat menawi laku wekdal lumebet ing padalemanipun Gusti lan ing gesang padintenan saestu katindakaken kanthi selaras. Lumebet kanthi raos urmat, lan ngupados ing lampah gesang kanthi tumindak becik lan tresna. Jer punapa ingkang dipun wulangaken lan dipun alami wonten padalemanipun Gusti punika kaparingaken supados katindakaken nalika medal saking padalemanipun Gusti.
Cetha sapunika bilih gesang wonten ing ngarsanipun Gusti inggih gesang ingkang boten saged kapilah-pilah, pundi ingkang kajasmanen lan pundi ingkang karohanen. Kanthi pemanggih mekaten, tamtu kita badhe ngupados ing sadhengah prakawis kita ngener dhateng Gusti, sedaya karana Gusti lan kagem Gusti. Punapa ingkang katindakaken lan karaosaken nalika wonten ing lebeting padalemanipun Gusti lan wekdal ngayahi jejibahan lan sesrawungan kedah katindakaken satunggal paket, teges lan maknanipun sami. (PKS)
“Apa kang  kelair ing njaba kudu selaras karo kang ana ing jero”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar