Kamis, 12 Juli 2012

Utusaning Gusti


Waosan: Matius 10 : 5 – 15.
Pamuji  : KPK  139 : 1, 2

Nats: “Wong rolas mau padha diutus dening Gusti Yesus …”
Dados tiyang ingkang dipun pitados punika boten gampil. Conto kemawon kita janji rapat satunggaling Panitia wonten greja jam 5 sonten, nanging ngantos jam 6 kita dereng dugi. Temtunipun tiyang sanes ingkang nenggo kita badhe nggunem kinten-kinten kinging punapa kita kok telat. Menawi kedadosanipun namung  sepindhah lan kita nggadah alesan ingkang maton, bab punika saged dipun maklumi. Nanging yen kedadosan kados mekaten boten pisan pindho, tiyang sanes boten badhe pitados malih dhateng kita. Karana punapa ingkang kita ucapaken benten kaliyan punapa ingkang kita tindakaken.
Ing waosan kita punika nyariosaken Gusti Yesus ingkang ngutus para sakabatipun kangge martosaken Injil. Sak derengipun nindakaken pakaryanipun, para sakabat punika dipun paringi panguwasa nundhung dhemit lan nyarasaken tiyang sakit. Gusti Yesus ugi paring piweling supados para sakabat punika boten nyimpang, nanging mantaba dhateng Gusti Allah. Para sakabat kedah yakin bilih Gusti Allah ingkang ngutus, Gusti Allah ugi ingkang mberkahi lan nyekapi. Selajengipun para sakabat boten perlu ajrih lan kuwatos bab punapa kemawon ingkang badhe kedadosan ing ngajeng karana Gusti Allah tansah nganthi lan ngrimati gesangipun.
Cariyos punika nedahaken bilih para sakabat cumadhang dipun utus dening Gusti Yesus. Mekaten kangge kita, nalika kita dipun timbali Gusti lan dipun utus nindakaken pakaryanipun ing masyarakat lan pasamuwan, kita kedah cumadhang. Umpaminipun dados Ketua RT / RW, pinilih dados Penatua, Diaken, Ketua Kelompok, lsp. Wujudipun anggen kita cumadhang, kita nggadahi kapitadosan bilih Gusti Allah paring kakiyatan lan kawicaksanan dhateng kita. Gesang kita dipun cekapi, dipun berkahi, kita ngraosaken tentrem rahayu. Pramila sampun ngantos kita selak saking timbalanipun Gusti. Gusti ingkang ngutus kita, Gusti Allah ugi ingkang nganthi lan nuntun gesang kita. (AR)
“Gusti Allah remen marang wong kang cumadhang, nadyan ora pinter”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar