Jumat, 06 Juli 2012

Kawicaksanan Lan Kapinteran


Waosan: Wulang Bebasan (Amsal) 8: 4-12.
Pamuji: KPK 297: 2.

Nats: “… Sang Wicaksana, nunggal bebarengan karo kapinteran, lan Ingsun nemokake kawruh lan kawicaksanan” (ay. 12)
Wonten ing Wulang Bebasan 8: 11 lan bab 2: 11 kasebataken bilih kawicaksanan punika kabetahan ing paling wigatos. Kawicaksanan langkung aji tinimbang sadhengah prakawis, bandha donya lan kapinteran.
Manawi makaten, katingalipun kawruh, kapinteran lan kaprigelan boten dipun betahaken malih. Punapa yektos makaten? Boten. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang wicaksana mesthi badhe mbudidaya indhak-indhakaning kawruh, kapinteran lan kaprigelan. Awit srana inggiling kawruh, kapinteran lan kaprigelan, tiyang saged mangertos pundi ingkang sae lan awon, ingkang aman lan mbebayani, lan kawicaksanan badhe saya mindhak jangkep lan manteb.
Ingkang punika kita perlu ningkataken kawruh, kapinteran lan kaprigelan kita. Marginipun srana maos wacan punapaa kemawon, kados: Kitab Suci, iber-iber, Warta Jemaat, koran, majalah, buku-buku, kalebet Pancaran Air Hidup punika. Saya asring kita maos saya mindhak pangertosan lan kawruh kita, saya jembar wawasan kita. Kajawi maos warni-warni waosan, prayogi ugi mirengaken utawi mirsani penyuluhan-penyuluhan saking radio lan TV. Makaten ugi prayogi sanget nindakaken penelitian manut minat(pekareman) kita piyambak-piyambak. Umpaminipun naliti bab tetaneman, sato kewan, barang-barang dagangan, naliti barang-barang elektronik, otomotif, lsp.
Pambudidaya indhaking kawruh, kapinteran lan kaprigelan ugi prayogi sanget tansah kita tanemaken dhateng anak / putu kita. Semangat belajar lan karemenan maos saestu wigatos kita tanemaken ing gesanging anak / putu kita. Gusti Sang Wicaksana ngarsakaken kita mbudidaya indhaking kawruh, kapinteran lan kaprigelan sarta kawicaksanan kita. Srana makaten gesang kita lan gesanging anak / putu kita ing tembe saestu piguna tumrap karaharjan lan katentremaning gesangipun piyambak lan gesanging bebrayan agung (masyarakat luas). [ST]
“Wong kang wicaksana tansah mbudidaya undhaking kawruh, kapinteran lan kaprigelan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar