Kamis, 26 Juli 2012

Langka


Waosan: Mat 13: 16-17.
Pamuji  : KPK 164: 1, 2, 3

Nats: “… akeh para nabi lan wong mursid kang padha kepingin ndeleng …” (ay. 17)
Kedadosan langka inggih punika wekdal ingkang boten saged dipun wangsuli malih, utawi menawi saged dipun wangsuli malih wekdalipun tamtu badhe dangu sanget. Menawi sampun dipun sebat langka, punika ateges awis-awis sanget tiyang ingkang saged ngalami kedadosan punika. Menawi sampun mekaten, tamtu kathah tiyang ingkang estu badhe ngginakaken kesempatan endah kala wau kanthi sasae-saenipun.
Saking pangandikanipun Gusti Yesus ing waosan kita kala wau ugi ngetingalaken bilih sejatosipun kedadosan ingkang wekdal semanten dipun sekseni dening tiyang kathah punika kedadosan ingkang langka. Kedadosan ingkang boten saben tiyang saged nyekseni. Para nabi, para tiyang mursid estunipun sampun ngantu-antu wekdal punika supados saged ngraosaken. Kedadosan langka punika inggih wekdal saged pepanggihan kaliyan Gusti Allah ingkang tumedhak dhateng ing bumi. Mirengaken piwulangipun Sang Mesih, Juru Panglipur lan pangluwaran ingkang dipun antu-antu sadangunipun gesang.
Sejatosipun pangandikanipun Gusti Yesus punika wujud sindhiran kagem para tiyang Yahudi ingkang sejatosipun dados seksi kamirahanipun Gusti Allah ing Gusti Yesus. Punika wekdal langka, sepisan anggenipun tumedhak dhateng ing bumi minangka Juru Wilujeng. Ananging bangsa punika boten purun pitados lan dados wangkot, punapa malih  purun mratobat.
Begja kita, ingkang boten dados seksi kedadosan agung kala wau ananging purun mireng malah-malah pitados bilih sedaya kala wau wujuding sih kamirahanipun Gusti ingkang njangkung kita manungsa dosa. Punika ugi kesempatan langka. Tumrap kita ingkang purun mitadosaken dhiri ing satengah kedadosan agung kala wau, kita kairid dados putra-putranipun Gusti ingkang badhe nampi kawilujengan. Mangga sesarengan kita jagi lan rimati, kedadosan langka inggih anggen kita jinangkung ing kawilujenganipun Gusti, kanthi setya tuhu anggen kita purun mirengaken sabdanipun, nyekseni  kuwaosaipun lan nindakaken pitedahipun ingkang milujengaken. (PKS)
Barang langka larang regane!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar