Jumat, 24 Mei 2013

Tuwuh Napa Uwoh ?


Waosan: Markus 11: 12-22.
Pamuji: KPK 93
Nats: “… Gusti Yesus banjur ngandikani wit iku: ’Aja nganti ana wong kang mangan wohmu maneh ing salawas-lawase…” (ay. 14)
Wonten ing salah satunggilingwarga pasamuwan ngandika: ”Kula sampun dangu dados warganing GKJW pasamuwan menika. Nanging kula mboten saged tuwuh (tumbuh) ing Gusti. Lajeng kula ndherek ngibadah ing greja sanes. Lan kula rumaos tuwuh saestu.”
Tujuanipun gesang kapitadosan kita menika estunipun mboten namung supados tuwuh, nanging supados uwoh (ngedalaken woh). Krana menawi namung tuwuh, kapitadosan kita namung karaosaken lan kagem dhiri pribadi. Benten kaliyan yen uwoh, gesangkita saged karaosaken dening tiyang sanes. Pancen tuwuh menika penting, nanging menika sarana supados kita saged uwoh. Boten wonten tetaneman ingkang saged uwoh kanthi sae yen witipun mboten tuwuh.
Kenging menapa Gusti Yesus saweg duka dhumateng tiyang ingkang sadean kaperluan pangibadah ing Padaleman Suci? Krana pancen pangibadah ing Padaleman Suci menika namung katujokaken kagem tuwuhing kapitadosanipun umat kemawon. Wohipun mboten wonten. Menawi uwoh, mboten saged dipun raosaken krana pait. Menika cetha tumrap praktek komersialisasi (untung-rugi) ubarampenipun pangibadah ingkang dados momotan lan nyangsarakaken umat ingkang badhe manembah dhumateng Gusti. Dados pangandikanipun Gusti ing Markus menika mboten gegayutan kaliyan undhuh-undhuh, bazar lan lelangan ing greja kagem ngempalaken dana peladosan pasamuwan. Menika gegayutan kaliyan laku curang kagem kauntunganipun pribadi ingkang ngagem topeng tuwuhing kapitadosan.
Gusti Yesus ndhawuhi wit anjir ingkang witipun tuwuh ngrembuyung nanging mboten ngedalaken woh (ay. 14). Ingkang dipun karsakaken Gusti Yesus inggih menika wohipun sanes ngrembuyungipun ron utawi agenging witipun. Supados saged ngedalaken woh ingkang kathah kagem tiyang kathah. Kadospundi tuwuhing kapitadosan kita ? Menapa sampun ngedalaken wohing manis kagem tiyang kathah? Amin (to2k)
Pang ingkang namung tuwuh, saya inggil lan tebih saking siti (sombong). Pang ingkang uwoh, saya ngendhelong (andhapasor) celak dhateng siti (maedahi).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar