Senin, 06 Mei 2013

Pacoban Kanggo Kamulyan


Waosan : Yakobus 1:1-15.
Pamuji : KPK 141:1-2
Nats : “Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané.” (ayat 12)
Urip iku koyo dhene “Cakramanggilingan” (roda yang sedang berputar), artoshipun: kadangkala, manungsa menika bingah, sehat, sukses, lan sanes sanesipun. Nanging kadangkala manusia inggih ngraosaken susah, sakit, gagal, lan sakpanungilanipun. Lan ugi, manusia saged ngalami ingkang kados mekaten “Sudah jatuh tertimpa tangga pula”. Artosipun, manungsa ingkang taksih ngadhepi perkawis ingkang dereng rampung malah katambahan ugi perkawis ingkang langkung awrat. Contonipun, nembe kemawon dipun PHK katambahan malih semahipun nandhang sakit lan kedah mondhok wonten griya sakit. Perkawis wonten nginggil menika asring kita alami ing salebting gesang kita. Kados pundi anggen kita ngadhepi perkawis menika? Sumangga kita sami maos kitab suci ingkang kapendet saking Yakobus 14:12, ingkang suraosipun kados mekaten “Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané.” Anggen kita ndherek Gusti, kados dene lare ingkang nembe sekolah utawi kuliah. Menawi badhe minggah kelas kedah nglampahi ujian. Kelas ingkang langkung inggil ujianipun saya awrat.Menawi saged anggenipun nggarap soal ujian, pramila, kita kawastanan lulus lan pikantuk rapot utawi ijasah. Semanten ugi kita para pitadhos, anggenipun gesang menawi badhe pikantuk kamulyaning Gusti ugi saged nampi pacoben ingkang mboten entheng. Sok sintena ingkang tanggon (tahan uji) anggenipun ngadhepi pacoben lan perkawis, Gusti inggih paring makutha kamulyan langgeng.  Sumangga kita tetep bingah lan tekun anggen kita ndherek Gusti sinaosa nglampahi pacoben lan perkawis-perkawis ingkang awrat, amargi Gusti tansah maringi kekiyatan lan mboten nilar kita sedaya. Amin. [DG]
“Tanpa panggodha mboten wonten ganjaran kamulyan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar