Jumat, 10 Mei 2013

Ngantebi Sahadat


Waosan : Ibrani 4 : 14 – 5 : 6
Pamuji: KPK 74

Nats : “Sarèhné mengkono, mulané kita padha ngantepana marang sahadat kita. Awit kita padha duwé Imam Agung, sing wis sowan ing ngarsané Allah, yakuwi Gusti Yésus, Putraning Allah.” (Ay. 14)
Tembung ngantebi tegesipun tansah ngugemi lan tansah nindakaken kanthi setya tuhu. Kasunyatan nedahaken kathah tiyang kanthi gampil ngakeni sahadat, ananging ugi kanthi gampil anggenipun nyelaki. Pancen kathah pepalang, rubeda, mawarni-warni reribet ingkang murugaken kita sami kewedan anggen kita ngantebi sahadat kita. Pepalang, rubeda, reribet punika saged saking dhiri kita piyambak, utawi saking jawi: ing babagan ekonomi, pasrawungan, sosial, politik, lsp.
Kenging punapa kita kedah ngugemi sahadat kita lan punapa pikolehipun? Ayat 15,16 paring wangsulan: Awit Imam Agung kita………….kita nggadhahi Imam Agung ingkang ndherek ngraosaken sedaya kaapesan kita. Gusti ngersakaken supados kita sampun ngantos dados tiyang Kristen ingkang manget-manget, boten adhem utawi boten panas (Wahyu 3: 16). Awit kekristenan ingkang mekaten punika mesthi kalepeh dening Gusti. Gusti ugi ngersakaken supados kita nggadhahi kekendelan ngakeni Gusti Yesus wonten ing sangajenganipun tiyang lan boten nyelaki. Sinten ingkang wantun ngakeni badhe dipun akeni dening Gusti, kosokwangsulipun ingkang nyelaki ugi badhe dipun selaki dening Gusti. Pituwas ingkang badhe kita tampeni menawi kita ngantebi ing sahadat: kita nampeni palimirma lan sih rahmat ingkang njalari kita kapitulungan rahayu ing mangsa ingkang sae (Mat 24 : 13).
Kita sami kraos, rumaos, lan ngakeni bilih kita boten kuwawi, boten saged lan boten nggadhahi kekiyatan kangge ngantebi piyambak, ngugemi lan mujudaken sahadat kita kanthi kebak kasetyan lan katemenan. Ananging kita saos sokur dene nggadhahi Imam Agung Yesus Kristus, ingkang dados Pantara kita. Sumangga kita sami tansah sinau pitados dhateng Gusti, lan nyuwun tambahing iman kapitadosan, supados kita kasagetna ngantebi sahadat kita ing sadhengah kawontenaning gesang kita. Amin. [SS]
“Antebing sahadat dados pitulunganing tiyang kesrakat”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar