Kamis, 30 Mei 2013

Katresnan Kang Setya

Waosan : Markus 12: 28 – 34.
Pamuji: KPK 165 : 1 – 5

Nats : “…: Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!…”(Ay. 34)
Sedaya manungsa gesang ing salumahing bumi tamtu ngajeng-ngajeng tansahngalami swasana tentrem lan rahayu. Ananging nyatanipun pengajeng-ajeng punika dereng saged dados kasunyatan tumrap ing sedaya manungsa. Buktinipun menawi kita nyipati kawontenan ing bumi menika taksih kathah sanget angkara murka ingkang andadosaken gesang punika kalampahan kanthi manah miris.
Ingkang punika Gusti Yesus paring dhawuh lan katrangan bab katresnan ingkang dados kunci mawujuding pengajeng-ajengipun manungsa kala wau.Ingkang kasuwun dening Gusti Allah dhateng sedaya manungsa ingkang sami pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus lan ingkang nampi kawilujenganipun inggih punika “katresnan ingkang setya”.
Katresnan ingkang setya punika raos asih ingkang ajeg boten ewah gingsir. Temahan kita tansah ngorong kaliyan Patunggilanipun, nuladhani sih katresnanipun lan estu-estu ngestokaken pranatan lan kersanipun Gusti. Menungsa ingkang estu nresnani Allah badhe mundhut sikap ndherek / tumut prihatos, ngupadi Kratonipun lan gesang kagem kaluhuranipun.
Katresnan kita minangka putraning Allah ingkang maha asih kedah tresna ingkang gumolong, ingkang saged ngendhaleni pribadhi kita. Katresnan kita punika tuwuh saking katresnanipun Gusti Allah piyambak dhumateng kita.Karana katresnanipun, Allah ngutus kang Putra mitulungi kita. Saking ngriku lajeng Gusti ndhawuhi kita kanthi estu supados kita mekaraken katresnan kita tumuju dhateng sesami ingkang gesang wonten ing sakiwa tengen kita. Katresnaningkang sumebar ing gesanging sesami punika mesthinipun badhe ndadosaken endahing swasana gesang ing bumi, ing masyarakat kita.
Lah punika ingkang dados kuncining karaharjan lan katentremantumrap gesang wonten ing bumi. Kanthi linambaran katresnan, swasana tentrem lan rahayu saged maujud ing gesang kita. Kejawi saking punika, yen “latresnan ingkang setya” saged kita lampahi, Kratoning Allah rumaket wonten ing gesang kita. Amin (GaSa)
“Katresnan kang sejati iku ajeg, tan owah gingsir lan langgeng.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar