Selasa, 14 Mei 2013

Jangkaring Gesang


Waosan : Ibrani 6 : 13 – 20.  
Pamuji: 
KPK 116
Nats : “Merga saka kuwi kita sing wis olèh keslametan saka Gusti Allah padha diwanti-wanti supaya ngugemi klawan mantep marang pengarep-arep sing wis kajanjèkaké marang kita. Pengarep-arep mau dadi jangkaring ati kita, sing kukuh lan sentosa…” (Ay. 18b-19a)
Wonten ing dunia pelayaran kita asring mirengaken ABK [Anak Buah Kapal] cariyos bilih kapalipun saweg‘angker’ [baca: engker! = jangkar], ingkang artosipun sedang lego jangkar wonten ing sak njawinipun wilayah pelabuhan awit taksih antri amargi wonten kapal sanes ingkang taksih ngandhapaken momotanipun. Lah ‘angker’ punika katindakaken supados kapal kala wau sampun ngantos hanyut terbawa arus.
Pancen kathah sanget perkawis-perkawis ing gesang punika ingkang gampil murugaken manungsa keli [hanyut], satemah enering gesangipun boten cetha dhateng pundi purugipun [arahnya].  Pramila lajeng kathah tiyang ingkang tumindak brutal, tawuran, pelecehan seksual, narkoba, korupsi saha tumindak-tumindak kekerasan sanesipun. Sadaya punika murugaken gesanging manungsa boten saged malih ayem tentrem, nanging malah tansaya kebak ing karisakan.
Pramila manungsa pancen mbetahaken cepengan utawi gondhelan ingkang saestu supados gesangipun boten gampil keli dening ombaking donya. Sumangga kita sami gesang kados Rama Abraham wonten ing anggenipun tansah kukuh nyepengi prasetya utawi janjinipun Gusti Allah. Panjenenganipun saged nglampahi gesangipun kanthi sumeleh, temahan gesangipun  saya binerkahan kados ingkang sampun kaprasetyakaken dening Allah. Nadyan prasetyanipun Allah katingal mokal miturut ing nalar. Nanging pangajeng-ajengipun boten ewah gingsir.
Sumangga kita tansah ngebaki gesang kita klayan kasabaran lan pangajeng-ajeng ingkang dhatan ewah gingsir, inggih pangajeng-ajeng ing prasetyanipun Allah, prasetya berkah katentreman lan karahayon. Pangajeng-ajeng ing prasetyanipun Allah punika ingkang saged dados jangkaring gesang ingkang kukuh ing satengahing praharaning pigesangan ing alam donya. Sampun ngantos kita kecalan jangkaring gesang. Amin. [AK]
“Harapan adalah perjuangan jiwa, pelepas penderitaan dan pernyataan kekekalan-Nya.” 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar