Kamis, 02 Mei 2013

Gesang Kagem Gusti



Waosan : Roma 14 : 1 – 12           
Pamuji : 
KPK 319 : 1, 2
Nats : “… manawa kita urip, urip kita cumadang marang Gusti, lan manawa kita mati, mati kita iya cumadhang marang Gusti.”
Tumrap tiyang ingkang gadhah pemanggih “urip iku kanggo mangan”, punapa ingkang dipun tindakaken salebeting gesang namung kangge mburu tetedhan lan kasenengan kemawon. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang gadhah pemanggih “mangan iku kanggo urip”, ngrumaosi bilih gesang punika boten namung dipun isi bab tetedhan kemawon. Wonten perkawis gesang sanesipun ingkang langkung wigatos tinimbang bab tetedhan, kados bab katentreman, karukunan, kawilujengan.
Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan ing Rum, supados boten padu bab tetedhan. Nalika semanten pancen wonten golongan ingkang boten nedha daging, lan wonten ingkang nedha daging. Bab punika ndadosaken benten pemanggih ing pasamuwan, wonten ingkang setuju lan wonten ingkang boten. Rasul Paulus ngengetaken supados tiyang pitados boten menghakimi sesaminipun bab tetedhan punika. Bab sanesipun ingkang dados perkawis inggih punika bab dinten. Wonten tiyang ingkang ngganggep dinten-dinten tartamtu sae, wonten ingkang ngganggep sedaya dinten punika sae. Saking perkawis punika Paulus ngengetaken pasamuwan Rum bilih ing patunggilaning Gusti, sedaya dinten punika sae. Karana punika Paulus paring piwucal bilih ing satengahing patunggilan para pitados boten gesang kangge kebatahanipun piyambak nanging gesang kangge sesaminipun. Pramila menawi kita gesang, kita gesang kagem Gusti, menawi kita pejah, kita pejah ing Gusti. Karana sae kita gesang utawi pejah, sedaya kagunganipun Gusti.
Kita para pandherekipun Gusti, sampun samestinipun nindakaken punapa ingkang dados pangandikanipun Gusti. Anggen kita nglampahi gesang boten ngegungaken kapinteran, kasugihan, kakiyatan kita piyambak, nanging kita kedah andhap asor, boten menghakimi sesami. Anggen kita dipun paringi gesang punika supados ngluhuraken Asmanipun Gusti. Kasaenan ingkang kita tindakaken namung wujud sokur kita karana sih kamirahan Gusti. Mugi kita sedya mbangun gesang ingkang maedahi kagem sesami lan Gusti. Amin. (AR)
“Kasaenan, wujud katresnan kita dhateng Gusti lan sesami”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar