Rabu, 08 Mei 2013

Apa Ta Tegese “Laku Bener” Iku


Waosan : Yokanan 16:12-15
Pamuji : KPK no. 294:1,2.
Nats : “Apa sakagungane Sang Rama, iku iya duwekKu; mulane Aku pitutur: Sang Juru Panglipur bakal martosake marang kowe apa kang wus katampi saka Aku” (ayat 15).
Artosipun tembung ‘bener’ punika rak ‘mboten lepat/salah’, ingkang tegesipun cundhuk kaliyan ingkang sak mesthinipun. Pramila asring kita mireng nasehat: Ati-ati mlakune sing bener ben slamet tekan nggone; Nek nyambut gawe ya sing bener, aja tumindak sing ora bener; lsp. Tamtu kemawon nasehatmenika ngemu tujuan ingkang cetha. Menawi mlampahipun lepat, saged murugaken kacilakan; menawi nyambut damelipun sembrono lan mboten leres, saged dipun PHK (Pemutusan Hubungan Kerja).
Lha yen mekaten, kita perlu gesang ingkang leres lan nindakaken kaleresan cundhuk kaliyan dhawuh lan karsanipun Allah! Kadospundi tata caranipun supados kita saged nindakaken kaleresan?
Waosan kita maringi pangertosan bilih Sang Roh Suci ingkang nuntun kita sami nuju ing pangertosan bab kaleresanipun Sang Kristus Yesus. Roh Suci ugi ingkang mbantu kita nguwaosi dhiri, nglatih dhiri sabar, supados saged sumerep kanthi cetha bab-bab ingkang leres.
Gusti Yesus dhawuh bilih Sang Roh Suci ingkang badhe nedahaken dhateng para murid ‘Bab ingkang badhe dhateng, ingkang badhe kedadosan ing tembe’. Para murid mboten sawetahipun mangertos bab janji-janji punika, ngantos dumugi wekdalipun Sang Roh Suci nedhaki para murid, sasampunipun Gusti Yesus seda lan wungu malih! Ing salajengipun, Sang Roh Suci nedahaken kaleresan-kaleresan dhateng para murid, inggih punika bab katresnanipun Gusti Yesus dhateng manungsa ngantos seda sinalib sarta wungu saking antawisipun tiyang pejah. Ing wusananipun para murid sami dipun parengaken nyerat bab kaleresan kalawau ing Kitab Suci Prajanjian Enggal.
Samangke cetha kangge kita bilih nindakaken kaleresan (laku bener) punika sami tegesipun kaliyan ngetut wingking tindakipun lan nuladha pakaryanipun Sang Kristus Yesus. Amin. (Esha).
“Roh Suci nunggila mring kula slaminya, mbabarken bebenering Allah warata sandonya”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar