Kamis, 16 Mei 2013

Setunggal Ing Katresnan


Waosan : Yokanan 17:20-26. 
Pamuji: 
KPK 165
Nats : “… supados sedaya tiyang pitados menika dados setunggal, kados déné Paduka kaliyan Kawula menika setunggal, sarta Kawula kaliyan Paduka ugi setunggal…” (Ay. 21)
Sabibaripun Pemilihan Bupati, tim sukses-ipun marem sanget, awit ingkang dipun sengkuyung mimpang. Ing setunggaling parepatan evaluasi Bupati mundhut pirsa dhateng tim sukses-ipun, menggah sinten ingkang nggadhahi strategijitu temah mimpang mutlak menika, awit badhe kaparingan kalenggahanstrategis (sae) ing Pamarintahan. Tim sukses nyuwun wekdal ngawontenaken pirembagan menggah sinten ingkang pantes nampi kelenggahan menika. Dipunrantos ngantos dangu sanget, malah ngantos pinten-pinten minggu lan wulan, tim sukses dereng wonten sarujuking rembag, kepara malah tuwuh crah bubrah, gantos dados sengit setunggal-setungalipun.
Dados setunggal, menika estu wigatos sanget tumraping organisasi, kados Pasamuwan. Manawi nilaraken raos nyawiji dados setunggal, sawijining komunitas/kelompok badhe bubrah. Awit wigatos sanget, mila Gusti Yesus ing ayat 21 lan 22 sampun nyebat suraos “setunggal”  ngantos kaping 6. Ingkang dipun kersakaken Gusti Yesus “dados setunggal” menika sanes setunggal organisasi greja, boten kedah setunggal denominasi (jenis), setunggal tatacara pangabekti, setunggal  liturgi (tata panembah). Nanging nunggal kapitayan karohanen ingkang lelandhesan gesanging Sang Kristus (ayat 23). Pandonga visioner(kawontenan ing tembe ingkang kaajeng-ajeng) kangge tiyang pitados supados dados setunggal menika pindhanipun kados Gusti Yesus lan Ramanipun ingkang nyawiji ing kasetyan.
Gusti Yesus estunipun boten munjukaken pandonga supados pendherekipun dados setunggal (menjadi satu), nanging supados namung ing “setunggal kawontenipun”. Ing Basa Yunani nedahaken sawijining pakarti ingkang “terus-menerus bersatu“. Kados lumintu lan ajeging sesambetanipun Bapa lan Putra. Mila sampun ngantos tembung “dados setunggal” ing sih katresnan kita dhateng Gusti Allah dados wudhar lan risak. Peladosan kita kedah terus lumintu, boten kendhat, lair batos, lathi pakarti nyawiji, kados Gusti Yesus kaliyan Sang Rama. [masto]
“Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar