Rabu, 22 Mei 2013

Kamardikan Kristen


Waosan : Galatia 5 : 1 – 15
Pamuji : KPK 172 : 1,2
Nats: “Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.” (Ay. 13)
Kacariyosaken wonten peksi ingkang kakurung ing kurungan emas. Saben dinten pakan lan ombenipun tansah dipun cekapi. Nadyan mekaten peksi punika rumaos boten bebas, karana gesangipun winates ing kurungan kemawon. Peksi punika kepengin medal saking kurungan lan mabur ing akasa ngarosaken kamardikan kados peksi-peksi sanesipun. Satunggaling dinten ingkang gadhah peksi punika kesupen, boten nutup kurungan sasampunipun paring pakan. Peksi punika medal lan mabur ing akasa. Karana bingahipun peksi punika kesupen bilih sampun dangu boten mabur. Nalika sampun inggil peksi punika kesayahan lajeng dhawah lanpejah.
Sang Kristus sampun mardikaaken umatipun saking dosa. Srana rahipun, Gusti Yesus nebus sadaya dosaning manungsa. Karana punika kangge Paulus, bab tetak lan boten tetak boten kenging dipun dadosaken landhesan tiyang pitados. Ingkang utami inggih punika tiyang pracaya ing Gusti Yesus sarta nindakaken lampah gesangipun adhedhasar katresnan. Kamardikan ingkang sampun katampi punika kedah ndadosaken umatipun Gusti sami lados-linadosan. Gesangipun para pitados kedahipun gesang kanthi netepi angger-anggering Gusti, nresnani sesaminipun kados dhateng badanipun piyambak.
Kita umat kagunganipun Gusti, kawilujengan lan kamardikan ingkang kita tampi punika wujud sih rahmatipun Gusti dhateng kita. Awit saking punika, kedahipun kita sedaya nglampahi gesang ingkang kebak panuwun lan pamuji sokur dhateng Gusti. Panuwun sokur kita saged kawujudakening kasetyan, ketulusan, tresna dhateng sesami, ugi pangabdian saha peladosan kita dhateng Gusti.Sumangga kita nindakaken gesang ingkang maedahi dhateng sesami kita. Punapa ingkang kita tindakaken nyata-nyata namung kagem kamulyanipun Gusti kemawon. Mangga kita saged dados sarananing berkah kangge tiyang sanes, saengga kamulyan lan kaluhuraning asmanipun Gusti kemawon ingkang pinunjul. (AR)
“Kamardikan punika treteg emas.” (Presiden Soekarno)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar