Selasa, 28 Mei 2013

Pamuji Lan Tumindak

Waosan : Roma 1: 16-25.    
Pamuji: 
KPK 50
Nats : “Amarga sanadyan padha wanuh marang Gusti Allah, ewadene ora padha ngluhurake Panjenengane kang jumeneng Gusti Allah, utawa ora saos sokur marang Panjenengane, nanging pangangen-angen tanpa guna, lan atine kang bodho dadi peteng.” (Ay. 21)
“Panjenengan saged kemawon aktif sanget ing pasamuwan, dados Penatua utawi Diaken ngantos welasan tahun, nanging saged ugi panjenengan malah dereng nate nindakaken karsanipun Gusti (dhemen weweh, andhap asor, ambek paramarta, sabar, kebak katresnan). Kathah aktivis greja ingkang mboten ngristeni” (kersaa maos ugi, Stephen Covey, “7 Kebiasaan yang efektif” kaca 108). Malah mbokmenawi asring ngladosi pangabekti lan memulang kataksasi, nanging ketingal cetha anggenipun medhit, sombong lan karepe dhewe.
Swasana ingkang sami ugi kita panggihi ing waosan dinten menika. “…sanadyan padha wanuh marang Gusti Allah nanging ora padha ngluhurake Panjenengane…”. Kenging menapa saged mekaten? Awit ing gesang padintenan kita nyekseni bilih nyatanipun manungsa langkung ajrih dhateng sesami katimbang ajrih kaliyan Gusti. Weweh dhateng tiyang sekeng, karana ajrih yen dipun anggep medhit; Kristen kok medhit. Utawi mboten korupsi, namung ajrih dhateng KPK. Dados sadayanipun mboten katindakaken anggenipun saos sokur lan ajrih dhateng Gusti.
Papan pangabekti namung kados tempat rekreasi utawi namung kangge kesibukan karana pancen remenberorganisasi. Swantenipun sora nalika memuji, lan ugi ngganter angggenipun ndedonga. Nanging tetap kemawon kendel-kendelan kaliyan semahipun ing griya utawi boten purun nyaur nalika gadhah utang.
Kamangka anggenipun Gusti paring kawilujengan dhateng kita saestu total! Rawuh ing tengahing manungsa malah kersa nandhang sangsara ngantos seda.Nanging nadyan sampun mangertos bab menika, sampun ngraosaken warni-warni wujuding berkahipun Gusti, malah gesang miturut pikajengipun piyambak. Kadospundi gesang panjenengan ing padintenan? Mangga kita sami ngilo, lan mugi-mugi sampun nyondhongi kaliyan karsani-Pun. [smdyn]
“Pujinen Sang Yehuwah klawan tumindakmu”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar