Senin, 01 Juli 2013

Manitis

Waosan : 2 Raja-Raja 2: 1-2, 6-14. 
Pamuji :
 KPK 83
Nats : “…. kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan….” (ayat 9)
Nabi Elia salah satunggalipun nabinipun Allah ingkang misuwur wonten ing Prajanjian Lami. Misuwur krana agung lan wicaksanipun tuwus anggadahi panguwaos lan wibawa ingkang saking Gusti. Pramila, nabi Elia mboten seda ananging “mukswa” inggih menika raganipun kapulung lumebet ing swarga. Krana misuwur, tamtu para cantrikipun sami kepingin nuladhani lampahipun nabi Elia. Pramila Elisa kepingin sanget katitisan rohipun nabi Elia. Panyuwunipun Elisa dhateng nabi Elia: “kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan”(ay 9). Menapa nabi Elia enggal-enggal minangkani? Tamtu boten, awit wonten prosesipun.
Proses kaping sepindah inggih menika Elisa tansah ngetut wingking nabi Elia dhateng pundia kemawon tindakipun. Ngetut wingking menika nedahaken kasetyanipun Elisa dhumateng nabi Elia. Lan kasetyan menika ingkang njalari Elisa katitisan rohipun nabi Elia. Kaping kalih, kasetyanipun Elisa menika mboten karana nganggep nabi Elia menika Gusti, nanging karana pengaken bilih nabi Elia menika abdinipun Gusti. Tetela saben nabi Elia nyuwun Elisa nilar panjenenganipun, Elisa paring wangsulan: Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang saha dhemi gesang panjenengan piyambak. Makaping-kaping wangsulan menika kaaturaken dening Elisa. Kita saged ningali bilih dhasaring kasetyanipun Elisa menika karana Pangeran Yehuwah ingkang utami lan ingkang miji gesangipun nabi Elia lan Elisa. Kasetyan dhumateng abdinipun Allah menika ingkang njalari Elisa katitisan rohipun nabi Elia.
Piwulang ingkang kedah kita gatosaken inggih menika: ing gesang patunggilan kita kedah anggadahi kasetyan ingkang ndadosaken kita sumedya ngetut wingking abdinipun Gusti. Kasetyan kita menika mboten karana kita manembah dhateng abdinipun Gusti, nanging karana kapitadosan kita bilih Gusti ingkang dados sumber gesanging abdinipun Gusti lan kita sami. (to2k) Amin.
Kasetyan menika bandha suci ing manahing manungsa ingkang kedah tansah karimat. (Seneca)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar