Kamis, 04 Juli 2013

Nyuwun Kasarasan

Waosan : Markus 6 : 45 – 56.
Pamuji : KPK137
Nats : “Dene kabeh kang ndemek jubahe padha dadi waras.” (ayat 56b)
Salah setunggaling program pemerintah Jakarta ingkang dipun pimpin Gubernur Jokowi, inggih punika Kartu Jakarta Sehat (KJS). Saking program punika wonten upaya pemerintah kangge mbantu warga masyarakat Jakarta ingkang sekeng kangge ragad pengobatan lan perawatan kesehatanipun. Kathah sanget rumaos kapitulungan saking KJS. Pancen manungsa gesang punika boten wonten ingkang kepengin nandhang sakit, sedaya kepengin sehat. Saben tiyang sakit temtu badhe ngupaya obat utawi jampi supados enggal saras malih.
Waosan kita nyariyosaken Gusti Yesus kuwaos napak ing seganten sarta nyarasaken tiyang sakit. Bakda memucal tiyang kathah lan paring tetedhan dhateng 5000 tiyang, Gusti Yesus ndhawuhi para sakabatipun supados nyabrang dhateng Betsaida. Nalika wonten ing satengahing seganten, para sakabat sami ajrih karana angin ageng, lan nyekseni Gusti Yesus ingkang napak seganten. Para sakabat nginten Gusti Yesus punika memedi. Sami dipun pangandikani supados boten ajrih karana punika Gusti Yesus piyambak.
Sarawuhipun ing Genesaret, tiyang kathah sami madosi Gusti Yesus nyuwun kasarasan. Tiyang-tiyang punika pitados menawi saged nyepeng jubahipun Gusti Yesus, piyambakipun badhe saras saking sakitipun. Sareng kelampahan pinanggih kaliyan Gusti Yesus lan tiyang ingkang saged “ndemek” jubahipun Gusti Yesus dados saras. Keyakinan ingkang manteb punika ingkang murugaken tiyang-tiyang punika saras.
Mekaten ugi tumraping gesang kita, kita pitados bilih panguwaosipun Gusti Yesus boten kandhek nalika semanten kemawon. Kita pitados bilih Gusti Yesus lumantar Sang Roh Suci tetep makarya ngantos dinten punika. Sarana pandonga dhateng Gusti, kita pasrahaken gesang kita ing astanipun. Pitakenanipun: punapa saben kita ndedonga kita saestu rumaos pinanggih kaliyan Gusti Yesus lan saged “ndemek” jubahipun? Ingkang punika, saben badhe ndedonga kita perlu ngeningaken panca driya ngraosaken pinanggih kaliyan Gusti Yesus, lajeng matur dhateng Panjenenganipun. (AR)
Ing weninging panca driya kita saged pinanggih kaliyan Gusti.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar