Senin, 08 Juli 2013

Nyrimpeti

Waosan : Lelakone Para Rasul 15: 36-16:5  
Pamuji : 
KPK 78: 1, 2
Nats : “Barnabas kepingin uga ngajak Yokanan kang apeparap Markus” (ayat 37).
Lampahing peladosan daur 2013-2015 saweg lumampah. Punapa kita taksih nggadhahi semangatlelados? Punapa sampun karaos kendho karana kathah perkawis ingkang mboten sami kaliyan punapa ingkang kita gadhang-gadhang? Peladosaning pasamuwan mboten wonten ingkang lumampah gangsar tanpa pepalang. Tamtu badhe wonten tantanganpergumulan ingkang kedah karampungaken, murih lampahing peladosan estu dados berkah.
Salah satunggaling pepalang inggih punika wontenipun rencang damel ingkang kasebat nyrimpetilampahing peladosan. Wonten ingkang karana masalah lajeng mutung. Wonten alasan nyekapi kabetahan lajeng peladosan dados samben, yen kober. Ningali kasunyatan rencang damel ingkang mboten sagedsaiyeg saekakapti punika, tamtu dados beban ing satengahing peladosan kita.
Perkawis punika nate dipun alami dening tim peladosanipun Rasul Paulus. Crah karaosaken antawis Rasul Paulus lan Barnabas wekdal badhe nglajengaken lampah peladosan. Inggih Yokanan ingkang kasebataken nate nilar rombongan lan mboten purun cawe-cawe ing lampah peladosan. Ngadhepi kasunyatan kados mekaten, kita saged belajar saking:
1.     sikapipun Rasul Paulus: kadosa pundi pepalang ingkang kita adhepi, peladosan tetep kedah lumampah.
2.     saking Barnabas: kita ngrangkul sedherek ingkang karaos dados pepalang. Pancen mboten sedaya kita saged ngemong lan nuntun. Nanging ing antawisipun rencang peladosan mesthi wonten ingkang kaparingan kasagedan ngrangkul lan nggandheng sedherek ingkang mundur saking peladosan.
Sedaya punika katindakaken karana sejatosipun kita nindakaken pakaryanipun Gusti Allah. Sampun ngantos nglokro lan pedhot ing paladosan lan padamelan karana wontenipun pepalang. Justru pepalang punika badhe ndadosaken kita langkung dewasa lan wicaksana. Punika saged ugi kita alami ing papan padamelan kita lan bebrayatan kita. [PKS]
“Pepalang kapasang supados saya inggil kasagedan kita.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar