Kamis, 18 Juli 2013

Pitadhos Dumateng Gusti

Waosan : Matius 9:18-26.
Pamuji : KPK 116
Nats : “… ana lelurahing papan pangibadah kang marek sujud lan matur, “Anak kawula èstri saweg kémawon tilar donya éwasemanten mugi Paduka karsa rawuh saha numpangi asta, tamtu badhé gesang malih.” (ay 25)
Tigang perkawis ingkang ndadosaken cariyos punika estu-estu nrenyuhaken tumrap kita, nggih punika:
1.     Tragedi pejahipun putra estri ontang-anting tanpa dipun mangertosi saderengipun. Pangajeng-ajeng tiyang sepuhipun (Yairus) dados surem lan semplah manahipun, kados-kados boten wonten semangat kangge gesang.
2.     Lare punika umuripun kaleh welas taun, ingkang nggambaraken bilih lare punika ing tlatah timur tengah mlebet wonten ing umur perkawinan jaman semanten. Panywangipun Yairus ingkang sumunar, brobah dados peteng lilemengan.
3.     Yairus, salah satunggaling panguwaos sinagoge, tamtunipun kagungan panguwaos lan tanggel jawab ingkang ageng. Piyambakipun wonten ing puncak karier. Pepejahing anakipun ingkang dipun kasihi tamtu nggadhahi dampak ingkang serius.
Anakipun punika saklangkung aji tumrap tiyang sepuhipun tinimbang pangkat, bandha donya, lan sanesipun. Ing salebeting kasisahanipun, Yairus sowan dhumateng Gusti Yesus, nyuwun sihpiwelasipun supados anakipun punika saged tangi saking pati. Yairus saestu pitados bilih Gusti Yesus kagungan panguwaos ageng ingkang saged nangekaken anakipun saking pejah (ay 18). Kapitadosanipun Yairus dhumateng Gusti Yesus estu saged kasunyatan tumrap punapa ingkang dipun suwun, inggih menika: “anakipun saged tangi saking pati” (ay. 25).
Sumangga kita sami nggadhahi kapitadosan dhumatheng Gusti Yesus kados dene Yarius. Sumangga kita sinau saking cariyosipun Yairus. Punapaa kemawon saged kelampahan ing panguwaosipun Gusti miturt kapitadosan kita. Kita saged kaparingan kekiyatan lan kabingahan ing salebeting pacoben. Gesang wonten ing Gusti Yesus saestu saged mbangun kekiyatan anggen kita gesang. Amin (DG)
“Aja nyawang gedhening prakaramu, nanging ndelenga agunging kuwasane Gusti!”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar