Rabu, 24 Juli 2013

Fitnah

Waosan : Para Rasul 21: 15-26.     
Pamuji: 
KPK 104
Nats : “Ésuké Rasul Paulus nuli ngajak wong papat mau, lan sawisé nindakaké sesuci bebarengan, miturut tata-carané wong Yahudi, banjur padha mlebu ing Pedalemané Allah.” (Ayat 26)
Samenika kathah tiyang ingkang gampil boten trima dipun fitnah dening tiyang sanes, lajeng lapuran dhateng Kantor Polisi kasus pencemaran nama baik. Bab menika dumados mliginipun ing babagan politik ing antawisipun para pengagenging bangsa menika. Pramila lajeng para kawula (rakyat) kathah ingkang ketularan, lajeng gampil bentrok kaliyan tetangginipun.
Rasul Paulus nalika semanten ugi dipun fitnah dening tiyang kathah bilih panjenenganipun nglawan lan nerak kitab Toret.  Awit saking menika lajeng Rasul Paulus dipun prayogekaken nindakaken sesuci ing Pedaleman Suci. Tanpa mbelani dhiri Rasul Paulus lajeng manut, kersa nindakaken pamrayogi sesuci menika. Sesuci menika katindakaken dening Rasul Paulus menika boten karana ngakeni bilih panjenenganipun pancen yektos sampun nglawan lan nerak kitab Toret, kados pandakwa utawi fitnah kalawau. Pamrayogi sesuci menika katindakaken murih karukunan lan katentremaning tiyang kathah. Menika katindakaken karana rumaos panjenenganipun dipun anggep lepat, nadyan boten saestu lepat.
Mbokmenawi panjenengan nate ugi dipun fitnah, dipun anggep utawi kadakwa lepat dening tiyang sanes. Kados pundi raosing manah panjenengan? Mbokmenawi rumaos ngigit-igit, kepingin nesu, boten trima. Yen mekaten, menika limrah, manusiawi. Nanging, para kinasih, yen ngantos kita nuruti kebrananging manah ngantos nesu, yatroni, agengipun nglabrak, karukunan lan katentreman badhe nebih saking gesang bebrayan kita.
Langkung prayogi nyuwun ngapunten karana kaanggep lepat, katimbang ngekahi raos leres lajeng nesu. Kita prelu sinau nrima dipun anggep lepat dening tiyang sanes. Dipun anggep lepat dening tiyang sanes, nggih kersane, ingkang baken Gusti mirsani ingkang sayektosipun. Kita prelu sinau nyuwun ngapunten, nadyan boten rumaos lepat, nanging karana kaanggep lepat. Namung srana nyuwun ngapunten lan ingapunten karukunan lan katentreman badhe dumados. [ST]
“Kita ingapunten dening Gusti, supados kita ugi purun ngapunten tiyang sanes.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar