Jumat, 12 Juli 2013

Resiko Martosaken Kayekten

Waosan: Lelakone Para Rasul 17: 1-15. 
Pamuji:
 KPK 71
Kayekten tansah ngadhepaken manungsa dhateng kalih perkawis utawi kalih pilihan. Sepindhah nampi kayekten lan ngalami transformasi (owah-owahan) gesang, utawi nampik kanthi resiko tetep kabidhung ing pangwasaning dosa. Mekaten ugi tumrap tiyang ingkang martosaken bab kayekten punika. Piyambakipun tansah ngadhepi resiko, inggih punika dipun tampik, dipun sengiti, lan malah saged dipun pejahi.
Bab ingkang mekaten punika dumados ing Rasul Paulus, ingkang leladi ing tlatah Tesalonika. Kanthi kendel Paulus martosaken kabar Injil dhateng para Yahudi lan Yunani wonten ing bale pamujan Yahudi. Kinanthenan dhasar Prajanjian Lami (Kitabipun tiyang Yahudi), Paulus medhar bab kayektenipun Injil, ingkang mratelakaken bilih Yesus Kristus kedah nandhang sangsara, seda, lajeng wungu (ayat 3). Pamedharing kayekten ingkang gamblang punika ndadosaken para pamireng (Yahudi) sami mratobat. Kejawi saking punika kathah tiyang ingkang sanes Yahudi ugi sami dados pitados dhumateng Gusti Yesus minangka Juru Slametipun sedaya manungsa (ayat 4). Nanging emanipun, boten sedaya tiyang Yahudi saged nampi bilih tiyang ingkang sanes saking golonganipun ugi nampeni kanugrahan ingkang sami kaliyan tiyang Yahudi. Karana saking punika tiyang-tiyang Yahudi punika mitenah Paulus minangka pangisruh lan mbalela dhumateng hukum Roma kanthi nguda wara isu politik. Lajeng para tiyang Yahudi ingkang boten saged nampi Paulus ngojok-ojoki masyarakat kitha Tesalonika supados nglawan Paulus lan rencang-rencangipun (ay. 5-7). Tandang-tanduk punika nedahaken tumrap panampikipun para tiyang Yahudi dhumateng kayektenipun Sang Kristus.
Ing jaman punika panampik dhumateng kayekten dereng saged ical. Greja ingkang setya martosaken Injil, kedah sagah katampik, dipun sengiti, lan ugi kaaniaya dening jagad. Nanging kita sampun ngantos sumelang tumraping bab punika. Awit badhe tansah wonten manungsa ingkang karana pakaryaanipun Roh Suci, tinarbuka manahipun, nampi kayekten lan tumut kawilujengaken. Amin (GaSa)
Kendel ing sajroning kayekten bakal nemu rahayu ing sajroning urip.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar