Selasa, 16 Juli 2013

Tumindak Miturut Karsaning Allah

Waosan: Para Rasul 18: 12-28.    
Pamuji: 
KPK 190
Wonten ing pigesangan kita padintenan wonten kalih prekawis ingkang saged namtokaken lampahing gesang kita i.p.: karsanipun Allah lan pikajeng kita manungsa. Kasunyatan nedahaken manungsa langkung nengenaken punapa ingkang dados pikajengipun piyambak lan asring mboten maelu dhateng karsanipun Allah. Gesang miturut pikajengipun manungsa mesthi anjog dhateng karisakan lan gesangipun mboten dados berkah. Kosokwangsulipun gesang miturut karsanipun Allah, mesthi tumuju dhateng karaharjan lan gesangipun dados berkah tumraping sesami.
Wonten ing waosan kita punika kita sami maos kados pundi Rasul Paulus lan Apollos, anggenipun sami gesang nengenaken karsanipun Allah lan punapa kemawon berkah ingkang katampi. Ing ayat 21 Paulus ngendika: “Kula badhe mriki malih, menawi Gusti Allah ngersakaken.” Paulus lan Apolos nindakaken sedaya pakaryanipun namung sumendhe lan manut tuwin adhedhasar karsanipun Allah. Sedaya pakaryan ingkang katindakaken ngemu tujuan nyantosakaken manahipun para pitados lan nelakaken bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih.
Kebabaring pakaryan ingkang mekaten punika ingkang mbekta berkah:
1.     Paulus kaluwaran saking pangancamipun tiyang Yahudi lumantar Gubernur Galio.
2.     Tiyang-tiyang ingkang midhangetaken piwucalipun Paulus sami remen.
3.     Apolos, awit saking sih rahmatipun Gusti, dados tiyang ingkang estu migunani tumraping para tiyang pitados.
Punapa ingkang katampi lan karaosaken dening Paulus lan Apolos saged kemawon kelampahan tumrap kita sedaya, menawi kita sami tumindak miturut karsanipun Allah lan mboten namung nggega pikajeng kita piyambak. Mangga sami sinau mbangun turut dhateng karsanipun Allah, supados gesang kita saged katampi lan dados berkah tumraping sesami. [SS]
“Nuruti karepe dhewe cepak rekasane, manut pangerehe Gusti luber berkahe.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar