Rabu, 26 Juni 2013

Aja Mentalaan

Waosan: Para Rasul 12: 18 – 25. 
Pamuji:
 KPK 104
Nats : “… Hérodès dhawuh nggolèki, nanging Rasul Pétrus ora ketemu, sing padha jaga nuli dipriksa lan dipatèni.” (Ay. 19a)
Tembung ‘Eling lan waspada’,  tamtunipun tansah kaengetaken dhateng kita sadaya wonten ing gesang punika. Awit rupinipun ing jaman samangke kathah sanget tiyang ingkang nglirwakaken pepaken utawi angger-anger saha jatining gesang punika. Gesangipun lumampah tanpa tujuan ingkang prayogi kejawi namung badhe  ‘memuaskan’ dhirinipun piyambak kemawon. Tiyang ingkang namung pados kepuasanpribadi badhe menghalalkan segala cara, mboten saged ngendhaleni dhiri. Pramila lajeng mentala mejahi sintena kemawon ingkang ngalang-alangi pikajengipun, kanthi bengis ngrebut barang darbekipun tiyang sanes, malah tiyang sekeng.
Lah makaten patrapipun Prabu Herodes. Minangka Sang Nata praja mesthinipun kedah nenuntun bangsanipun tumuju dhateng gesang ingkang adil lan makmur, tentrem rahayu. Ananging kacariyosaken ing Kitab Suci sang prabu tumindak sawenang-wenang, adigang adigung, supados saben tiyang sami ajrih lan sumuyud dhateng piyambakipun. Kawontenan kados punika amargi sang prabu sampun ‘lupa diri’,mboten kengetan malih dhateng kuwajibanipun ingkang utami. Karana kuciwa awit Petrus ingkang medal saking pakunjaran mboten saged dipun panggihaken, lajeng Sang Prabu mejahi para tiyang ingkang sami jagi. Malah ngrampas rejekinipun tiyang Tirus lan Sidon. Lampahing gesang lan pamarintahanipun prasasat kados tiyang ingkang mabuk, ingkang mboten jelas arah tujuanipun, satemah para kawula namung dados obyek kangge ngladosi “nafsu”nipunSang Prabu piyambak. Kawontenaning masyarakat ingkang worsuh kedah dados kaprihatosan lan kawigatosan kita sadaya. Sampun ngantos kita namung rumaos kuciwa.
Sumangga sami ngengeti bilih gesanging manungsa kalebet kita sadaya sanes namung kangge ngremenaken dhiri pribadi kemawon, nanging supados tansah saged mbangun gesang saha lingkungan kanthi prayogi. Sumangga tansah ngendhaleni dhiri. Supados yen kita ngalami kuciwa sampun ngantos kita tumindak sawenang-wenang lan mitunani tiyang sanes. Sampun ngantos kita nggadhahi watak mentalan, nanging samiya nggadhahi watak welas asih. [AK]
“Watak mentalan mbilaeni, watak welas asih ngrejekeni.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar