Rabu, 12 Juni 2013

Nindakaken Pakaryan Adi

Waosan :  Mateus 5 : 17 – 20.
Pamuji  : KPK 165 : 1, 3

Nats : “Nanging sing sapa nindakake lan mulangake kabeh pepakoning Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga.” (Ay. 19b)
Ingkang dipun wastani padamelan punika mawarni-warni macemipun. Sae punika dados tani, guru, sopir, polisi, wiraswasta, tukang, buruh, lsp. Sedaya padamelan punika mbetahaken tanggel jawab. Boten wonten padamelan ingkang awrat menawi dipun tindakaken kanthi manah ingkang kebak kabingahan. Sedaya padamelan menawi dipun tampi sarana saos sokur tamtu badhe nuwuhaken berkah saking Gusti Allah. Karana padamelan punapa kemawon ingkang kita tindakaken sejatosipun wujud timbalanipun Gusti dhateng kita.
Mekaten ing satengahing pasamuwan, kita sadayanggadhahi tugas lan tanggel jawab. Kita ingkang lenggah ing kemajelisan dipun pitados ngrigenaken pasamuwan kanthi sae. Anggen kita lelados, kita tindakaken kanthi tulus lan semangat. Kita ingkang dados warga, tansah mbangun turut punapa ingkang dados program lan tata pranataning pasamuwan. Kita purun makarya sesarengan kangge mbangun kemajenganipun pasamuwan.
Gusti Yesus dhawuh bilih rawuhipun ing donya saperlu nyampurnakaken punapa ingkang dados angger-anggering Toret. Panjenenganipun ngengetaken sintena kemawon ingkang nerak angger-angger Toret bakal kaganjar paukuman. Ananging sintena ingkang netepi angger-angger punika, bakal pinaringan gesang langgeng ing kratoning Allah. Saking pangandikanipun punika, Gusti Yesus ngersakaken para sakabatipun tansah lumampah ing marginipun Gusti.
Saben wekdal Gusti Allah nenuntun lampah gesang kita. Lumantar pakaryan kita piyambak-piyambak, Gusti paring pangrimatan saha kacekapan berkah. Pramila mangga kita makarya sarana manah ingkang tulus tresna. Sedaya pakaryan ingkang kita tindakaken boten kangge nyekapi gesang kita kemawon, nanging saged ugi nyekapi kabetahan sesami kita. Nindakaken pakaryan adi punika ingkang kita jagi selamining gesang kita. Kados dene kita setya tuhu netepi angger-anggeripun Gusti salamining gesang kita. Mugi Gusti paring kakiyatan saha kawicaksanan anggen kita makarya sadinten-dinten. Amin. (AR).
“Katresnan dados dhasar pakaryan adi.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar