Senin, 10 Juni 2013

Donga Istimewa

Waosan : L. Para Rasul 7: 44-8: 1a.         
Pamuji : 
KPK 190
Nats : “Stéfanus nuli jèngkèng, sarta nguwuh klawan sora: “Dhuh Gusti, mugi sampun nempahaken kalepataning tiyang menika dhateng piyambakipun!” (Ay. 60)
Menapa panjenengan sampun nate ndongakaken kanthi trusing manah tiyang ingkang merugikan utawi nyakiti lan sengid dhateng panjenengan supados dipun ampunten dening Allah?
Pandonganipun Stefanus menika memper kaliyan pandonganipun Gusti Yesus nalika kasalib (23: 34). Rupinipun Stefanus nampi cariyos bab pandonganipun Gusti Yesus ing kajeng salib menika saking para rasul. Pandonganipun Gusti Yesus nalika semanten, ingkang nyuwunaken pangapunten kagem tiyang-tiyang ingkang nganiaya Panjenenganipun, saestu istimewa. Istimewanipun menika karana pandonga menika nuwuhaken pitakenan sinten ingkang saged nindakaken, kejawi Gusti Yesus piyambak? Kados-kados mokal manungsa limrah saged ndedonga mekatan.
Nanging saking cariyos menika, jebul Stefanus manungsa limrah menika saged nindakaken dongaistimewa menika. Kados pundi marginipun Stefanus saged ndedonga makaten? Kacriyos, nalika Pradata Agama lan tiyang kathah sami ngamukdhatengStefanus, piyambakipun mboten ningali pangamuking tiyang-tiyang menika. Ingkang dipun sawang dening Stefanus nggih menika kaluhuranipun Gusti Yesus ing sisih tengenipun Allah Sang Rama.
Cariyos lelampahanipun matir (tiyang ingkang seda ngukuhi kapitadosanipun) Kristen wiwitan menika nelakaken lan memulang kita bilih: menawi kita saestu saged ningali kaluhuranipun Gusti, kita badhe saged tumindak luhur. “Ningali” ing ngriki tegesipun pitados lan ngraosaken (menghayati)  kaluhuranipun Gusti. Kaluhuranipun Gusti menika mboten namung kaluhuraning asma lan kuwaosipun Gusti, nanging ugi kaluhuraning budi lan sihipun Gusti dhateng jagad.
Sumangga kita terus nyinau lan ngraos-raosaken ngantos salebeting manah kita bab kaluhuraning piwucal, kaluhuraning budi lan sih katresnanipun Gusti kita Yesus Kristus dhateng jagad saisinipun, mboten namung dhateng kita piyambak. Linuhurna tansah asmanipun Gusti karana budi luhur kita.[ST]
“Budi luhur nebihaken tumindak nistha.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar