Kamis, 20 Juni 2013

Ndedonga Lan Makarya

Waosan: Mateus 6:7-15.    
Pamuji : 
KPK no. 168:1,2,3.
Nats : “Dadi aja tiru-tiru wong iku, …” (ayat 8a).
Tiru-tiru punika rak nindakaken perkawis ingkang sami kaliyan ingkang katindakaken dening tiyang sanes. Tanpa sadar kita nate utawi malah asring tiru-tiru. Yen tiru-tiru ingkang sae, malah prayogi. Nanging yen kebablasen anggen kita tiru-tiru, kita badhe kecalan jati dhiri kita. Mboten prayogi yen kita mboten gadhah jati dhiri piyambak, sebab badhe kaombang-ambingaken dening kawontenan. Kita saged dados tiyang ingkang mboten asli, namung dados tiyang ‘foto kopi’an.
Mbolan-mbaleni tembung ingkang sami, kados mantra ingkang kaucapaken ‘pesihir’, punika sanes jaminan bilih Allah mirengaken pandonga kita. Mboten klentu lan mboten lepat yen kita wongsal-wangsul sowan ing ngarsanipun Allah kanthi panyuwunan ingkang sami. Gusti Yesus ngutus kita supados ndedonga makaping-kaping. Ananging Panjenenganipun nglepataken yen ndedonga kanthi ngucapaken tembung-tembung ingkang mboten tulus.
Donga ‘Rama Kawula’ saged dados patron(model) lan conto kangge pandonga kita. Prayogi yen isining pandonga kita punika: kita memuji Allah, ndedonga kangge pakaryanipun Allah, ndedonga kangge kabetahan kita sadinten-dinten, lan nyuwun pitulunganipun kangge perjuangan gesang kita ing saben dinten. Kita pitados bilih Allah saben dinten nyawisaken punapa kemawon ingkang dados kabetahan kita. Allah Sang Rama mboten namung Mahaagung lan Suci, ananging ugi Sarira ingkang kebak sih piwelas lan katresnan. Kita nglairaken raos urmat dhateng Asmanipun Allah kanthi nyebut Asmanipun klayan ati-ati, mboten sembrana. Yen kita matur, Karsa Paduka mugi kalampahana, mboten ateges kita pasrah nasib/takdir, ananging nyuwun supados karsanipun ingkang sampurna badhe kababaraken ing jagad. Saben tiyang pitados tansah berjuang nglawan panggodha lan Allah prajanji bilih pacoban punika mboten badhe nglangkungi kekiyatan kita (I Korinta 10:13). Gusti Yesus ngengetaken, yen kita nyuwun pangapunten dhatengAllah, kita perlu pitaken piyambak: Apa aku ya ngapura wong kang nindakake kaluputan marang aku? Amin. (Esha).
“Pandonga nuwuhaken pracaya, pracaya nuwuhaken katresnan, katresnan nuwuhaken paladosan, paladosan nuwuhaken katentreman.” (Ibu Teresa)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar