Senin, 24 Juni 2013

Ojo Podho Ngadili

Waosan : Matius 7:1-5.
Pamuji : KPK 322:1,2
Nats : “Aja padha netepaké luputing wong, supaya kowé aja ditetepaké luputmu.” Kepriyé déné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé kok ora weruh?” (ayat 1, 3)
Lumantar “Masmedia cetak ugi elektronika” (koran, majalah, lan TV) asring kita midhanget, maos, lan mirsani, bilih ing satunggiling acara TV. Contoipun, ing acara “Jakarta Lawyer”. Wonten ing mriku kathah tiyang pinter (intelektual) ingkang sami adu argumentasi, ngleresaken pamanggih utawi pikajengipun piyambak lan nglepataken pamanggih utawi pikajengipun tiyang sanes.
Ing kasunyatan gesang kita kirang langkung inggih semanten ugi, kados ingkang kaserat wonten nginggil kala wau. Sae salebeting bebrayan, padamelan, pangibadah, sesrawungan kalian tiyang sanes. Kita asring nglepataken utawi ningali kekiranganipun tiyang sanes. Upaminipun dhateng pendhita kita, diaken, pinisepuh, semah, anak, sedherek, lan sanesipun. Kita ngantos kesupen kekirangan lan kalepatan kita piyambak. Gusti Yesus ngendika ing Injil Matius 7:1 lan Matius 7:3 Gusti ngemutaken kita sedaya supados mboten gampil-gampil nglepataken lan ngadili tiyang sanes, ngleresaken dhiri kita piyambak. Gusti nggih paring pitedah bilih tiyang ingkang ngadili tumrap tiyang sanes inggih badhe dipun adili dening Gusti. Sumangga sepindhah malih kita sampun gampil-gampil nglepataken lan ngadili tiyang sanes malah ngeleresaken dhiri kita piyambak.Patrap remen ngadili tiyang sanes nebihaken kita saking tumindak asih tresna.Patrap punika badhe ndamel kita remen ngukum tiyang sanes; anak dipun ajar karana dipun adili lepat; semah (isteri) mboten dipun blanja karana dipun wawas lepat, lsp. Amin.  [DG]
“Pangadilan iku mung wewenange Gusti. Sing sapa dhemen ngadili luputing liyan iku ngrebut wewenange Gusti.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar