Selasa, 18 Juni 2013

Apes Ning Begja

Waosan : Lelakone Para Rasul 9: 32 – 43. 
Pamuji:
 KPK 87 : 2
Nats : “…wong wadon iku akeh banget panggawene becik lan anggone dedana”. (Ay. 36)
Kadhang kala wonten brayat utawi tiyang Kristen ngalami apes sanget. Ngalami sakit silih gumantos, bapa, anak, ibu. Boten namung sakit, malah silih gumantos tilar donya ing wanci ingkang boten dangu, bapa lajeng kasusul ibu. Ingkang seda kasusul sakit ingkang katilar. Nalangsa sanget gesangipun. Tiyang sanes mastani apes sanget.
Nanging menawi katitipriksa, sejatosipun Gusti Allah boten negakaken putra-putranipun ingkang wonten ing bumi. Sok sintena kemawon, menawi gesangipun tansah sumendhe ing Gusti, Allah kalayan sih kamirahanipun mesthi tansah nyarirani wonten ing sedaya lampah lan kawontenaning pigesanganipun. Cekakipun “nadyan ta apes tetep mesthi slamet”, “saapes-apese wong sumende lan pracaya, mesthi isih begja.”
Lah makaten ingkang dipun alami dening Dorkas. Nadyan apes, ngalami pepejah, nanging Gusti Allah ngagem Petrus mujudaken kabegjan kagem wanita punika. Nadyan apes ngantos seda, dorkas saged kawungokaken gesang malih. Dorkas tansah nandukaken kabecikan lan katresnan dhateng tiyang sanes. Dorkas tansah sumendhe ing Gusti, masrahakensaranduning gesangipun dhumatengGusti Allah.Temahan, Dorkas saged dados sarananipun Allah kagem mujudaken lan martosaken kaluhuran, kawasesan lan katresnanipun Allah dhumateng manungsa.
Kagem tiyang ingkang kados mekaten, Gusti boten negakaken. Tumrap sakit lan apesipun Dorkas, Gusti boten mendel. Sih katresnan lan kawasesanipun nulungi lan ngluwari Dorkas saking kaprihatosan lan kaapesan. Sakitipun dipun luwari, nyawanipun dipun wangsulaken malih, lan raganipun dipun tangekaken malih. Bab kasaenanipun Dorkas punika ingkang kedah kita tuladhani. Kanthi gesang ingkang sae, sarujuk lan cundhuk kaliyan kersanipun Allah, kawilujengan ingkang sayektos saking Gusti Allah mesthi tansah kaparingaken dhateng kita sedaya. Amin. (GaSa)
“Angger pracaya lan sumende, tetep begja nadyan apes.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar