Selasa, 04 Juni 2013

Ati-Ati Lan Waspada

Waosan : Markus 13: 14 – 23                       
Pamuji : 
KPK 101
Nats : “Sing padha waspada! Kabèh mau wis Dakkandhakaké marang kowé sadurungé kelakon.” (Ay. 23)
Gesangipun manungsa ing jagad punika saged kagambaraken kadosdene tiyang ingkang saweg lelampahan tumuju dhateng satunggaling panggenan. Ing satengahing margi saged kemawon wonten sandhungan, pepalang, lsp. ingkang dadosaken tiyang kesandhung lan dhawah. Margi ingkang wonten ing jagad punika ugi boten namung satunggal, mila ugi saged kemawon tiyang lajeng kesasar, matemah boten dumugi dhateng papan panggenan ingkang katuju. Pramila saking punika perlu ngatos-atos, supados boten kesandhung, dhawah, lan kesasar.
Inggih mekaten ing babagan gesang karohanen, ing wekasaning jaman punika :
1.     badhe tuwuh lan wonten pangrisak ingkang ambeksiya, ingkang nindakaken punapa ingkang boten samesthenipun (14)
2.     badhe wonten kasangsaran ingkang ageng, ingkang dereng nate kelampahan sadangunipun punika, lan boten badhe kalampahan ing mangsa-mangsa salejengipun (19)
3.     badhe tuwuh lan wonten Kristus-Kristus lan nabi-nabi palsu, ingkang ngawontenaken pratandha lan mukjijat-mukjijat, kanthi tujuan nasaraken para pilihanipun Gusti (21-22).
Kita saos sokur dene ing kawontenan ingkang kados mekaten Gusti kersa ngagem kita dados sarana ngungkret wekdal (20). Pramila saking punika, kita kedah ngatos-atos kanthi tansah :
§  tetep ngadeg jejeg ing paugeraning gesang kita, nenggih Sang Kristus Yesus,
§  tansah tegen ing pandonga,
§  boten gampil kelu dhateng obyaking jagad,
§  nindakaken sedaya prekawis kanthi tembung lan tumindak ing dalem Asmanipun Gusti Yesus, klayan saos sokur (Kol 3 : 17).
Klayan mekaten kita badhe saged tansah kraos ayem lan tentrem ing sadhengah prakawis. Amin. [SS]
“Sabeja-bejane sing lali, luwih beja sing eling lan waspada.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar