Sabtu, 08 Juni 2013

Mapan Ing Negari Katresnan

Waosan : Markus 14:1-9.     
Pamuji :
 KPK 99
Nats : “Wong wadon iki wis nglakoni apa mesthiné, yakuwi nyawisaké badan-Ku sadurungé kakubur.” Asring kita mirengaken tiyang nembe nesu lajeng tembungipun “wong sabar kuwi ana watese, kowe wis ora kena disabari meneh”. Pemanggihipun bilih sabar menika wonten garis watesipun. Boten namung kasabaran ingkang dipun watesi. Nanging katresnan asring ugi dipun watesi. Ingkang yektos, katresnan ingkang sejatos punika boten wonten watesipun.
Kados tumindakipun tiyang estri ing waosan Kitab Suci menika, anggenipun caos pakurmatan ingkang boten winates dhateng Gusti Yesus. Piyambakipun ngagem lisah narwastu regi 300 dinar (sami kaliyan gaji buruh setahun. Wooww…). Cobi, manawi kita pribadi ngempal kaliyan Gusti Yesus rikala semanten, kadospundi pemanggih kita dhateng wanita kasebat. Menapa ugi nglepataken tiyang estri menika:pemborosan,  pakarti nglaha, mastani pakarti ngebrèh? Dhuwité kena diwènèhaké wong-wong miskin? Malah menapa kados Yudas ingkang sanget reaktif (gregeten) dhateng wanita kala wau?
Cariyos tiyang estri menika sanes kapinujon, nanging wanita menika pancen sampun mlebet ing garis rancanganipun Gusti Allah. Malah para siswa ingkang terus cecaketan kaliyan Gusti Yesus, lepat saking rencangan ageng bilih Kristus sampun celak kaliyan salib-Ipun. Eman sanget, nadyan caket nanging boten tumut ing rancangan-Ipun.
Manawi kita nggadhahi kayekten bilih Kristus seda kangge kita, mesthi kemawon pisungsung kita ingkang ageng sanget boten wonten kertaajinipun (reginipun). Kita boten perlu ajrih mlebet dhateng juranging kemlaratan awit pisungsung kita dhateng Gusti Yesus.
Menapa kita estu sampun lumebet wonten salebeting garis rancangan kersanipun Gusti Allah, kanthi misungsungaken gadhahan kita ingkang awis piyambak? Pisungsung menapa ingkang awis piyambak ingkang kita gadhahi? Inggih menika gesang kita. Sampun ngantos kita rumaos caket Gusti Yesus, nanging mapan kita ing sajawining kraton. Mangga sami metani pribadi kita piyambak. [masto]
“Katresnan menika boten wonten watesipun lan boten wonten ukuranipun”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar