Jumat, 14 Juni 2013

Saulus Apa Paulus ?

Waosan: L. Para Rasul 9: 1-9.
Pamuji: 
KPK 91
Nats : “Saulus, Saulus,yagene sira nganiaya marang Ingsun?”  (Ay. 4)
Sampun satunggal semester menika Pradataning Pasamuwan (Majelis Pasamuwan) dalah pengurus Badan Pembantu Majelis Jemaat (BPMJ) daur enggal sampun ngayahi pakaryan ing kebon angguripun Gusti. Kados pundi raosipun ndherek lelados ing kebon angguripun Gusti? Kados pundi warga pasamuwan anggenipun nyengkuyung bot repoting peladosan ing kebon angguripun Gusti? Biasa-biasakemawon? Menapa luar biasa krana wonten pengalaman enggal? Menapa wonten ingkang sampun nglokro semangatipun? Semangat kemawon mboten cekap dados sanguning peladosan ing pasamuwan. Ingkang dipun betahaken inggih menika tansah sinau lelados lan nunggil kaliyan Gusti.
Semangat ingkang makantar-kantar ugi wonten ing dhirinipun Saulus. Tetales raos sengid, Saulus kebak ing pangancam-ancam sarta pangingit-igit badhe numpes pendherekipun Gusti Yesus. Legalitas(pengesahan) lantaran layang panguwaos nindakaken semangatipun menika ugi sampun jangkep. Kanthimodal ingkang sampun jangkep Saulus tumuju dhateng kitha Damsyik,papan pusat panggenanipun para pendherekipun Gusti makempal. Ananging sedaya sangu inggih menika semangat lan panguwaos menika ambyar malah lebur nalika Saulus dipun panggihi dening Gusti Yesus.
Para peladosing pasamuwan, Pendeta, Penatua, Diaken,Guru Injil, pengurus komisi, panitia lan ugi pengurus KRW menika sanes Saulus, ananging Paulus. Kita sedaya sampun pitados dhumateng Gusti Yesus.Kita pinaringansemangatlan kuwaos lelados ing kebon angguripun Gusti Yesus sanes kanggembubrahi kebon angguripun Gusti Yesus. Kita katetepaken ngrimati angguripun Gusti menikakanthi telaten, sabar lan tekun. Ananging menapa ingkang sampun kita tindakaken?Sampun ngantos kados Saulus ingkang ngobrak-abrik! Kita mawang dhiri Paulus.Ananging yen nggadahi semangat kados “Saulus”,kita kedah mratobat awit Gusti boten badhe kendel lan mendel menawi sariranipun, pasamuwan, dipun aniaya. Menawi wonten ingkang nganiaya, Gusti Yesus Sang Sesirahing pasamuwan pribadya ingkang badhe mbelani. Amin. (to2k)
“Kanthi toh nyawa Gusti Yesus mbelani sadaya mendanipun.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar