Senin, 22 Oktober 2012

Watak Murka


Waosan: Lukas 12: 13-21.
Pamuji:  KPK 121
Nats: “Sing padha awas, wekanana sakabehing budi kethaha …” (ayat 15).
Kathah sanget tiyang ingkang rumaos bilih yen nggadhahi bandha utawi arta ingkang kathah, gesang punika mesthi badhe ayem tentrem. Nanging wonten satunggaling sadherek ingkang rumaos lan ngendika: “Jebul dadi wong sugih, akeh bandha, dhuwit iku malah ora ayem. Pijer diincer maling wae.” Lajeng ngendika dhateng semahipun: “Wis ora usah mburu bandha kadonyan. Sing baku urip cukup lan ayem.” Dados raos pangraosipun tiyang kathah ing inggil wau boten leres. Lho yen makaten punapa boten sae manawi pikantuk rejeki kathah? Yen kita pinaringan rejeki kathah nglangkungi kabetahan kita piyambak, punika ateges Gusti ngarsakaken ngagem gesang kita dados talanging / margining barkah dhateng tiyang sanes. Rejeki kathah punika sanes kagem kita piyambak, boten supados kita saged seneng-seneng, suka pari suka, boten enget dhateng tiyang ingkang kacingkrangan.
Ingkang boten sae punika nggadhahi budi kethaha utawi murka (rakus, tamak). Budi kethaha punika watak lan patrap (tumindak) ingkang tansah ngangah-angah. Tegesipun nadyan sampun pikantuk rejeki cekap nanging taksih kepingin kemawon pikantuk ingkang langkung kathah klayan boten maelu dhateng tiyang sanes, nadyan tiyang mlarat. Pramila lajeng remen ngrayah / ngrebut kagunganipun (hak) tiyang sanes. Budi kethaha ndamel tiyang kendel (berani) tumindak korupsi, mitunani (merugikan) tiyang sanes, negari, malah wantun mitunani greja lan agama. Watak budi kethaha ndamel manah boten ayem, nyingkiraken katentreman saking gesang kita. Pramila saking punika Gusti Yesus paring piweling dhateng kita supados kita waspada lan nyingkiri watak budi kethaha punika. Gusti Yesus ngarsakaken gesang kita kapenuhan ayem tentrem. Sumangga kita sinau gesang prasaja, cekap, kemawon lan ngedum barkah luber saking Gusti dhateng tiyang kecingkrangan. Amin. [ST]
“Katentreman langkung nikmat tinimbang bandha kathah”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar