Kamis, 04 Oktober 2012

Aja Pilih-Pilih


Waosan : Lukas 10: 1-12.
Pamuji: KPK 31
Menawi wonten tiyang ingkang dipunanggep “miring” dening masyarakat, karana polah tingkahipun ingkang boten limrah lan kathah masalah, menapa kita ugi saged kanthi legawa ngakeni bilih tiyang menika sedherek kita? Mbokbilih mbetahaken kathah pertimbangan sakderengipun kita saged ngakeni tiyang menika dados sedherek kita. Mbokbilih kita boten kepingin dados / nggadhahi sedherek ingkang kathah masalah menika. Boten kepingin katut kenging masalah, boten kepingin nami kita awon ing masyarakat, kawirangan, lsp. Kosok wangsulipun, menawi wonten tiyang ingkang sukses, ingkang kaanggep sae dening masyarakat, “terpandang”, “punya kedudukan yang cukup disegani”, lsp. Kados pundi sikap kita? Menapa mbetahaken pertimbangan ingkang kathah ugi sakderengipun ngakeni minangka sedherek kita?
Nalika Gusti Yesus ngutus para sekabat ingkang cacahipun pitung dasa menika, Gusti Yesus ngersakaken supados para sekabat boten pilih-pilih anggenipun martosaken tentrem rahayu. Berkah tentrem rahayu menika kaparingaken dhateng sintena kemawon ingkang kanthi suka bingah purun nampi. Pramila sampun ngantos para sekabat mlebet griya / martosaken berkah tentrem rahayu menika kanthi kathah pertimbangan. Ingkang perlu dipuncawisaken namung manah ingkang tulus sumarah ing panuntunipun Gusti. Dados rencang damel nggelaraken Kratoning Allah menika wujuding berkah ingkang kaparingaken dhateng saben tiyang ingkang ndherek Gusti. Menawi Gusti sampun paring berkah, boten lajeng berkah menika kangge kita piyambak, nanging perlu kita wartosaken dhateng tiyang-tiyang sanesipun. Menika temtu sampun dados pengaken sedaya tiyang pitados. Ananging, kados pundi anggen kita ngedum berkah menika? Menapa sampun kanthi tulus saha kalambaran katresnan? Salah satunggiling wujud berkah ingkang dum nggih menika anggen kita purun gesang cecaketan kaliyan tiyang ingkang kaanggep “miring” dening tiyang kathah. (fhp)

“Wong kang ngasihi wong cilik, dadi kekasihe Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar