Selasa, 02 Oktober 2012

Gusti Paring Prasetya lan Pepenget Marang Kita


Waosan: Pangentasan 23: 20-23.
Pamuji: KPK 274.
Nats: “Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira menyang panggonan kang Sun cawisake.” (ayat 20).
Ayat punika cetha sanget bilih Gusti Allah ngutus malaekatipun supados ngreksa lampahipun nabi Musa. Punika margi anggennipun Gusti mitulungi manungsa ingkang pinilih. Ing ngriki menawi bangsa Israel tansah mbangun turut dhumateng dhawuh Pangandikanipun Gusti, Gusti ingkang nuntun bangsa Israel tumuju tanah Kanaan. Kados pundi kangge kita ing jaman samangke. Punapa inggih prasetya utawi janjinipun Gusti punika taksih trep tumrap gesang kita. Gesang kita manungsa punika boten wonten ingkang kalis saking sisah, sakit lan rupi-rupi pambengan. Pramila punika Gusti Allah paring pitedah supados kita:
1.     Ngatos-atos wonten ing ngarsanipun. Contonipun: kathah tiyang ingkang  sregep tindak greja, sregep ndherek kebaktian brayat.  Nanging wonten  ing pedamelan utawi kantor boten wantun ngakeni dados pendherekipun  Gusti, ajrih yen boten saged pikantuk jabatan penting ing kantoripun.
2.     Katut utawi keli dhateng kawontenan jaman. Ing Indonesia sapunika, ingkang naminipun KKN (Korupsi, Kolusi, Nepotisme) boten kanten kantenan, meh ing saben institusi (kantor) wonten tindak korupsi. Lajeng kados pundi kita para pendherekipun Gusti? Punapa inggih lajengn katut utawi taksih manut miturut dhateng Gusti? KKN punika duraka tumraping Gusti Allah. Punika boten badhe kaapura (ayat. 21).
3.     Tansah ngestokaken dhawuh pangandhikanipun Gusti. Ateges kita sumadya nyawisaken wekdal kagem Gusti. Kita purun mirengaken punapa ingkang dados pangandikanipun dateng kita. Mekaten ugi kita tansah sedya nindakaken pangandikanipun kanthi setya.
Manawi kita purun manut dhateng pangrehipun Gusti, para malaekatipun mesthi tansah ngreksa gesang kita. Amin. (DW)
“Kang Maha Luhur mberkahi wong jujur ”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar