Senin, 08 Oktober 2012

Aja Dumeh !


Waosan: Lukas 10: 25-37.
Pamuji: KPK 165: 1, 4
Nats: “Tumuli ana wong Samaria, kang lelungan uga lewat kono. Bareng weruh wong mau trenyuh atine marga saka welase” (ayat 33)
Ing jaman sapunika wonten saperangan tiyang ingkang nggampilaken perkawis. “Yen ana duit kabeh lancar, yen ana kenalan beres, yen cedhak karo pejabat mesthi urusan gampang.” Punapa pancen mekaten lampahing gesangipun manungsa? Menawi sampun kagungan bandha donya ingkang kathah, menawi wonten koneksi  (kenalan), menawi celak kaliyan pejabat, menawi KTP-nipun kaserat Kristen, sampun mesthi ngalami gesang tentrem rahayu?  Nglampahi gesang minangka pandherekipun Gusti punika boten sesederhana perkawis ing nginggil. Pengen penak, cepet, aman, makmur lan ugi nampi kawilujengan tamtu boten kados malik tlapakan asta. Sampun kesesa nggadhahi pemanggih ingkang kados mekaten.  Sinten ing pasemon menika ingkang dipunpirsani Gusti Allah minangka sesami, ingkang dados pathokan nampeni gesang langgeng: imam, tiyang lewi, utawi tiyang Samaria? Tamtu miturut pasemon punika, Gusti Yesus mirsani tiyang Samaria ingkang welasan, karana saged nggatosaken kawontenan sesaminipun ing satengah-tengah anggenipun nglamahi jejibahanipun. Imam lan tiyang Lewi sampun mesthi kasebat tiyang sae lan ngrasuk agami kanthi mantep. Ananging wekdal kedah nglampahi wujuding iman kanthi paring pitulungan dhumateng tiyang sanes ingkang mbetahaken pitulungan, kekalihipun kawon.
Aja dumeh inggih intining reraosan dinten punika. “Aja dumeh” dados tiyang ingkang kagungan bandha donya, dumeh tepang kaliyan para petinggi, punapa malih dumeh sampun dados pandherekipun Gusti likla, cilik mula, lajeng rumaos nggadhahi jaminan saged gesang sekeca. Punapa malih dhumateng kita ingkang sampun rumaos ndherek peladosan ing greja kanthi setya. “Aja dumeh!” Sedaya boten wonten paedahipun menawi dereng saged nindakaken lampah tresna tanpa mbenten-mbentenaken. (PKS)
“Wong sugih durung mesthi ayem tentrem, wong mlarat durung mesthi sangsara”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar