Rabu, 10 Oktober 2012

Paseduluran


Waosan: Galati 2: 1-10.
Pamuji: KPK 319
Nats:  “Lan sawuse nyumurupi sih rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas  lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi sakaguruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan…”  (Ayat. 9)
Manusa punika boten saged gesang piyambak. Wiwit lair ngantos seda, sedaya tiyang tamtu mbetahaken tiyang sanes. Mekaten salebeting gesang bebrayatan, ing tatanan adat jawi, tiyang bebrayatan boten namung nunggilaken panganten kekalih, nanging langkung saking ngriku ugi nunggilaken brayat kekalihipun. Ateges sarana neningkahan punika langkung ngraketaken paseduluran ing antawisipun brayat. Gesang kita ing satengah-tengahing pasamuwan ugi kawastanan gesang paseduluran. Kita sedaya para pitados dados putranipun Allah. Kita sami katunggilaken ing Gusti Yesus. Kados waosan sak punika, Paulus, Barnabas lan Titus sami katampi dening Yakobus, Kefas lan Yokanan dados dulur ing Gusti Yesus. Pasamuwan ing Yerusalem sami ngakeni lan nganggep bilih Paulus ugi rasulipun Gusti. Paulus kaparingan kakiyatan saking Gusti kangge martosaken Injil dhateng sedaya bangsa. Pramila nalika Paulus kondur malih dhateng Yerusalem, Paulus kasambut kanthi bingah dening para sadulur ing Yerusalem. Anggen kita ndherek Gusti Yesus kaiket ing paseduluran kanthi dhasar iman lan katresnanipun Gusti Yesus. Sedaya punika ndadosaken kita saya rumaket dhateng Gusti. Kita rumaos boten gesang piyambak, nanging gesang ing patunggilan kaliyan para sadherek tunggil iman. GKJW lumantar sesanti “Patunggilan Kang Nyawiji” langkung negesaken dhateng kita, punapa kemawon kawontenan kita, Gusti Allah tansah nunggil gesang kita. Kita boten ijen, nanging kathah sadulur-sadulur kita, ingkang sami mbantu, ngiyataken ugi paring pitulungan dhateng kita. Karana punika paseduluran ingkang sampun wonten ing satengah-tengahing gesang kita mangga saya kita lestantunaken. Kita bangun karukunan, katresnan, kasaenan ing antawis kita supados paseduluran ingkang sampun kita raosaken punika saya teguh lan mujudaken kaluhuraning asmanipun Gusti. Amin (AR)

“Paseduluran kang raket dados paseksi sihipun Allah dhateng tiyang kathah”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar