Senin, 18 Februari 2013

Wedi Mati


Waosan :  Ibrani 2 : 11  18
Nats : Ayat 15
Pamuji :  KPK 42
Kanthi sedhih salah satunggaling ibu ngendika mekaten: ”Kula menika taksih kepingin momong anak-anak kula, menapa malih anak-anak kula taksih sami sekolah lan dereng dewasa…Menawi kepareng kula ugi kepingin ningali putu-putu kula tembe…” Suwantenipun ibu menika saya lirih anggenipun ngendikan menika lan pasuryanipun ketawis pucet. Ibu menika salah satunggaling peladosipun pasamuwan ingkang tumemen lan yuswanipun nembe 51 tahun. Boten dipun nyana-nyana bilih ibu menika gerah tumor wonten ing rahimipun. Krana nandhang sakit menika lajeng ibu menika ketawis kera badanipun. Asring nglamun lan boten ketawis sumringah malih pasuryanipun. Estunipun ingkang ndadosaken ewah-ewahan menika boten anamung penyakitipun kemawon ananging ingkang langkung sanget inggih menika krana sumelang lan kuwatosipun. Tamtu sedaya tiyang ugi boten badhe bingah bilih nandang gerah. Ananging gerah menika saya nguwasani diri kita yen kita sumelang lan ajrih. Pramila kita nglampahi pangawulanipun pisakit. Krana dipun reh dening pisakit, tamtu kita boten nggadahi kamardikan nadyan namung kamardikan berfikir. Gesang kita menika kraosipun nggih sakit menika. Kahanan ingkang mekaten menika estu mbetahaken pitulungan saking pihak sanes. Inggih menika sedherek, somah lan sedherek tunggil kapitadosan. Gegayutan kaliyan gesang ing pangawulan, Ibrani paring pawartos rahajeng dhateng kita. Wujudipun pawartos rahajeng menika krana ing Sang Kristus sedaya tiyang pitados sampun kamardikakaken. Manungsa ingkang tansah dipun reh dening Iblis (ay 14) samangke pikantuk kamardikan awit sedaya trahipun Abraham ingkang dipun luwari dening Gusti Yesus Kristus (ay 16).
Pramila para sedherek sedaya, sumangga samangke kita ngantebaken pracaya kita dhateng Gusti Yesus awit Panjenenganipun menika estu-estu maha kuwaos ngluwari kita saking sekathahing pangawulan. Panjenenganipun menika ingkang sampun nglampahi sedaya pacoben dalah kasangsaran saperlu paring kekiyatan lan pangluwaran dhumateng sedaya manungsa ingkang pitados bilih Gusti Yesus menika Imam Agung. Sanadyan kita menika nandhang sakit, sisah lan kuwatos ananging sedaya kahanan menika sampun ngantos ngereh gesang kita menapa malih iman kita. Sampun ngantos krana ajrih lajeng kita nglirwakaken panguwaosipun Gusti Yesus. Mugi raos ajrih kita menika malah ndadosaken kita manembah lan masrahaken gesang dhateng Gusti Yesus. Amin.(to2k)
“Sesakit dados entheng yen kita boten kuwatos lan ajrih.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar