Rabu, 20 Februari 2013

Tandha


Waosan : Lukas 11 : 29 – 32
Pamuji : KPK 157 : 1,3
Nats : “…samono uga Putraning Manungsa iya bakal dadi pratandha tumrap jinis iki.”[30]
Tandha punika perkawis ingkang wigati tumrap urusan punapa kemawon. Urusan birokrasi boten badhe lancar menawi boten wonten tanda tangan kepala. Urusan jual-beli dereng saged deal (dados) menawi boten wonten tanda terima. Menawi wonten tanda-tanda lalu lintas ingkang cetha, anggen kita lumampah boten badhe kesasar-sasar. Tandha paring pambiantu tumrap kita murih punapa ingkang kita lampahi wonten dhasaripun ingkang sah lan kiyat.
Waosan kita dinten punika ngetingalaken para tiyang Yahudi nyuwun pratandha saking Gusti Yesus, bilih pancen Panjenenganipun punika mbabaraken kawilujengan lan paukuman ingkang saking Gusti Allah piyambak. Sejatosipun tandha punika sampun cetha, ananging tiyang Yahudi sami nampik. Menawi Niniwe kanthi pratandha Yunus kang kautus lan Ratu Syeba kaaran Ratu putri saking tanah kidul ugi purun mirengaken kawicaksananipun Prabu Salomo, punapa kok tiyang Yahudi taksih ewed anggenipun ngramesi pratandha Sang Mesih. Senadyan ta Gusti Yesus punika langkung pinunjul saking Prabu Salomo lan Nabi Yunus. Pancen Gusti Yesus rawuh minangka Mesih boten kanthi spektakuler(ngedab-edabi) lan protokoler(upacara resmi). Ananging pangwasa ingkang sampun kababar ing pakaryanipun tamtu boten saged dipun selaki bilih sedaya punika pakaryanipun Gusti Allah piyambak. Asring ing lampahing pigesangan kita boten benten kaliyan tiyang Yahudi ingkang nengga pratandha pitulunganipun Gusti. Ewedipun, menawi kita piyambak sampun nggadhahi standart(paugeran) kados pundi Gusti Allah makarya. Pratandha Gusti Allah mitulungi lan tresna menawi sakit lajeng sehat, menawi ekonomi lemah lajeng kiyat, usaha bangkrut dados pulih. Pancen punika saged katindakaken dening Gusti Allah kita. Ananging kita ugi kedah emut bilih tandha katresnan lan pangwasanipun Gusti punika ugi saged ketingal ing kasangsaran. Karana saking kasangsaran punika kita blajar sabar, tabah, kiyat lan pasrah kaliyan ingkang mengku gesang. [PKS]
“Rahayu tiyang ingkang saged nyumurupi katresnanipun Gusti ing prakawis ing sepele lan pakewed”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar