Jumat, 08 Februari 2013

Aja Pada Mangkotake Atimu


Waosan : Markus 6: 14-29
Pamuji : KPK 127
Nats : “Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!” [Ibrani 4:7]
Boten gampil kangge saben tiyang nampi ‘kritik’ ingkang katujokaken dhateng piyambakipun. Punapa malih yen piyambakipun punika dados salah satunggaling pejabat publik (masyarakat) ing babagan punapa kemawon. Awit piyambakipun tamtu badhe tansah ‘jaga gengsi’ minangka pejabat ingkang kedah dipun urmati dening saben tiyang. Satemah sadaya kritik [sanadyan estunipun sae pikajengipun] tansah kaanggep satunggaling prakawis ingkang badhe ngrisak lan mbebayani tumrap ing kawibawan lan panguwasanipun. Pramila kita gampil sanget mirsani tiyang kathah ingkang ketingal ngotot lan pinter ‘bersilat lidah’ kangge membela diri, sanadyan asring boten tinemu ing nalar.
Kadosdene Sang Prabu Herodhes, tamtunipun ing telenging manah kraos lan rumaos bilih Nabi Yokanan punika mursid lan suci saha punapa ingkang kaaturaken [kritik] dening Nabi Yokanan dhateng Sang Prabu saestu prakawis ingkang leres lan tumuju dhateng kasaenan [18, 20]. Ananging dhemi ajining diri lan kawibawanipun Sang Prabu Herodhes pilih nigas Sang Nabi Yokanan wonten ing pakunjaran. Prakawis punika nedahaken bilih Sang Prabu Herodhes boten kagungan kakiyatan moral. Satemah gesangipun tansah ginubed ing nafsu kangge nuruti kapentinganipun piyambak. Pramila lajeng gampil nyingkiraken lan nyirnakaken kawontenaning tiyang sanes. Tamtu kita taksih kengetan dhateng suraosing Kitab Suci: “Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!” [Ibrani 4:7]. Awit wangkoting ati namung badhe nuwuhaken tumindak ingkang boten sae. Kadosdene Prabu Herodhes ingkang serakah temahan gampil sanget boten ngajeni kawontenaning tiyang sanes saha mentala dhateng kasangsarananipun tiyang sanes. Sumangga kita tansah ngugemi bilih kita punika katimbalan saha kautus dening Gusti Yesus Kristus supados kawontenan kita saged dados berkah tumrap ing sesami. [AK]
Jiwa susah dadi ayem amarga katresnan.
Wong adoh dadi cedhak amarga katresnan.
Ati wangkot dadi luluh amarga katresnan.
Ulungna, sebarna lan uripa ing katresnan!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar