Rabu, 06 Februari 2013

Ngegungaken Kaapesan


Waosan : 2 Korinta 11 : 12 – 33
Pamuji : KPK 22 : 1
Nats: “Manawa ana prelune aku kudu gumunggung, aku bakal gumunggung ing bab kaapesanku.” [ayat. 30]
Adatipun tiyang punika langkung remen ngegungaken kasuksesanpun, prestasinipun, kepenaking gesangipun. Awit srana makaten drajading gesangipun rumaos kajunjung. Mawarni-warni kaapesan lan kasangsaran dipun alami dening Rasul Paulus makaping-kaping. Panjenenganipun boten rumaos isin amargi saking mawarni-warni kaapesan lan kasangsaran ingkang dipun alami punika. Kosokwangsulipun, kados-kados Rasul Paulus malah katingal rumaos bangga. Kenging punapa Paulus saged rumaos bangga (“gumunggung”) ing salebeting kaapesan lan kasangsaranipun punika? Awit panjenenganipun yakin bilih sadaya kaapesan lan kasangsaran ingkang dipun alami punika boten amargi dosa lan panerakipun, sanes wujuding paukumanipun Allah. Wiwit pitobatipun dhumateng Gusti Yesus, Rasul Paulus tansah mbudi daya netepi dhawuhipun Gusti, gesang wonten ing bebener saha nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Para nabi palsu sampun mempengaruhi tiyang-tiyang Kristen ing Korinta sami ngegungaken kaluwihan lan kasaenanipun. Sadaya sami nganggep bilih kaluwihan, kados karunia-karunia Roh: calathu mawi basa Roh, nundhung dhemit, lsp, dados titikan bilih punika estu-estu Kristen. Nanging Paulus membantah pamanggih makaten punika. Justru tiyang ingkang sagah ngalami apes, rekaos lan sangsara awit nindakaken bebener, punika tuhu pandherekipun Gusti Yesus Sang Kristus.
Menggahing tiyang ingkang tansah nglampahi gesangipun wonten ing bebener, langkung prayogi gumunggung (bangga) ing salebeting kaapesan, pakewed lan kasangsaran saha rekaosing gesangipun. Tiyang ingkang ngegungaken lan nggunggung “kesuksesanipun”, prestasinipun, kepenaking uripe, kapara malah katingal anggenipun nutup-nutupi piawonipun, katingal anggenipun kumenthus, sombong. Sumangga blajar langkung membanggakan kaapesan, kasangsaran lan rekaosing gesang ingkang kita alami. Sumangga blajar langkung ngegungaken bebener ingkang kita perjuangkan, nadyan kedah ngalami apes lan sangsara. [ST]
“Wong kang ngegungake kamulyaning uripe, ngasorake drajade; kang ngegungake kaapesane, junjung bebener”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar