Senin, 04 Februari 2013

Langkung Aji


Waosan : Markus 5 : 1 – 20
Pamuji : KPK 165 : 1,2
Nats: “Wong-wong mau padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan ndeleng wong kang maune kapanjingan dhemit legion, linggih ing kono, wus manganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi.”[ayat 15]
Menawi ing tengahing margi panjenengan dipuntodhong dening para begal, pundi ingkang badhe panjenengan pasrahaken? Bandha napa nyawa kita? Temtu perangan ingkang paling aji boten badhe kita pasrahaken. Kula kinten kita sarujuk menawi masrahaken bandha ingkang kita bekta supados nyawa kita slamet. Bandha saged dipun upadi malih, ananging nyawa boten saged kagantosaken.
Kasebataken, Gusti Yesus lumampah dhateng dhusun alit aran Gerasa. Ing mriku Panjenenganipun kapapag dening tiyang ingkang kapanjingan dhemit. Menawi kita gatosaken, tiyang punika mrihatosaken karana kahananipun. Sampun kapanjingan dhemit, temtunipun sampun boten dipunreken(gatosaken) dening sedherek-sedherekipun. Tiyangpunika boten namung sakit jiwanipun ananging ugi raga ingkang risak karana dipun reh dening dhemit ingkang aran Legion. Samangke, Gusti Yesus kaadhepaken ing panyuwunaning dhemit legion. Dhemit kala wau nyuwun supados boten katundhung saking wilayah punika lan keparenga manjing ing babi ewon ingkang nembe dipun engen. Tamtunipun, punika badhe milujengaken tiyang ingkang kapanjingan dhemit kala wau. Nanging dados kuciwaning manah tiyang ingkang kagungan babi. Punapa kemawon ingkang badhe katindakaken Gusti Yesus tamtu badhe wonten resikonipun. Gusti Yesus ningali bilih langkung aji kawilujengan lan pemulihan martabat tiyang ingkang kepanjingan dhemit. Awit saking punika Gusti Yesus nyarasaken, nanging katampik dening masyarakat Gerasa. Manungsa asring sanget dipunadhepaken dhateng perkawis-perkawis ingkang rumpil, angel, awrat. Wonten paribasan ingkang nyebataken:seperti makan buah simalakama. Prinsip ingkang saged kita sinau saking Gusti Yesus bilih ingkang paling aji inggih tresna dhumateng sesami, kawilujenganipun manungsa, kanthi mulihaken martabat kados manungsa sanesipun. [PKS]
“Tresna iku mapanake sedulur ing papan kang samesthine”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar