Jumat, 22 Februari 2013

Sampun Kita Klintu Ing Pamilih


Waosan : Ibrani 4 : 11 – 16
Pamuji : KPK 144 : 1,2
Nats: “Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.” [ayat 15]
Kathah tiyang ngandika: “Banyak jalan menuju Roma.”. Kitha Rum pancen saged katempuh saking margi-margi punida kemawon. Kajawi kathah cacahipun, nanging ugi benten-benten kawontenipun. Pamanggih ingkang mekaten punika leres.  Nanging, kita para pitados gadhah pamanggih bilih tumuju dhateng Swarga namung wonten satunggalmargi. Sawetawis tiyang gadhah pemanggih, saged mungkasi lampahing kapitadosan utawi iman, cekap kanthi tumindak sae dumatheng sesami. Namung, kangge kita tiyang Kristen, abdinipun Kristus tumindak sae menika boten cekap lan kita taksih perlu tumindak sanes. Kita saged nyinau lelampahipun bangsa Israel, nalika keplajeng saking tanah Mesir, tinuntun dening Pangeran tumuju dhateng tanah perjanjian (Kanaan). Boten sedaya angkatan bangsa Israel saged mlebet dhateng tanah Kanaan. Ingkang saged namung angkatan mudha, Yusak lan Kaleb. Kenging menapa? Amargi angkatan sepuh sami boten pitados, boten mituhu lan remen maiben dhateng tuntunanipun Allah.
Kita tiyang dosa boten badhe saged lumebet kratoning Allah namung kanthi paladosan kapinteran lang kawicaksanan kita. Nanging begja, bilih kita nggadahi Imam Agung ingkang kersa lan kuwawi paring pitulungan dhumateng kita. Imam Agung ingkang dados paraning kapitadosan kita menika mangertosi sanget kaapesan kita. Lan ugi kersa nuntun lamphing gesang kita ingkang tumuju dhateng kawilujengan langgeng. Panjenenganipun malah-malah paring kekiyatan dhumateng kita supados saged nglampahi jejibahan ingkang keparingaken dening Gusti. Cekak raos, kita sedaya kaatag boten wigah-wigih sowan wonten warsanipun Sang Imam Agung, lan nyuwun pitulungan sarta pangantinipun. Sang Imam Agung, boten sanes pantara kita ingkang mulihaken sesambetan antawis kita tiyang dosa kaliyan Allah. Nyuwun kawigatosan sadaya: sampun ngantos kita nampi pantara sanes kejawi Gusti Yesus Kristus, Sang Imam Agung ingkang sejatos. Amin. [DG]

“Menawi kita klintu milih pantara,  kita kecalan kawilujengan selaminipun “

Tidak ada komentar:

Posting Komentar