Jumat, 28 September 2012

Panandhang Kang Endah


Waosan : Kohelet (Pengkotbah) 3: 1-11
Nats: “Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake…” (Ayat. 11)
Yen saweg wonten kabingahan, waktu punika raosipun cepet sanget gumantos. Kosokwangsulipun yen kita  saweg ngalami panandhang kados pisakit utawi jejibahan ingkang awrat, waktu punika raosipun panjang sanget, dangu sanget owahipun. Temah kita asring boten sabar kepingin sanget waktu punika enggal gumantos, panandhang lan jejibahan awrat punika enggal paripurna, rampung. Pikajeng kita nggih punika Gusti Allag enggal ngrampungi panandhang kita, enggal nggantos panandhang kita dados kabingahan. Juru sabda ing waosan kita dinten punika ngandika: “Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake.” Tegesipun bilih sadaya badhe wonten titi wancinipun piyambak. Gusti Allah kagungan wanci piyambak anggenipun paring pitulungan dhateng kita, anggenipun mungkasi panandhang kita, anggenipun ngowahi panandhang kita dados kabingahan. Yen panandhang kita punika kraos dangu lan panjang, punika ateges Gusti Allah paring wekdal dhateng kita supados mbudidaya lan sinau kathah prakawis saking panandhang kita. Gusti Allah ngarsakaken kita sabar, dados saya kiyat lan wicaksana.
Pramila yen samangke, utawi sanes wekdal, kita saweg ngalami panandhang, sumangga kita sabar. Ampun namung nlangsani kemawon panandhang kita. Sumangga niti priksa watak lan sikap kita! Mbokmanawi wonten ingkang boten condhong, boten selaras kaliyan karsanipun Gusti. Sumangga kita menggalih lan nggegilut pundi ingkang dados karsanipun Gusti Allah dhateng kita. Sikap utawi kawicaksanan ingkang kados pundi ingkang saged kita sinau, ingkang prayoginipun lan kedah kita gadhahi.
Yen kita saged manggihaken kawicaksanan punika lan pigunanipun tumrap manah, iman lan pigesangan kita, kita malah badhe saged saos sokur atas panandhang punika. Kita saged paring piwulang dhateng anak / putu kita lan dhateng tiyang sanes. Amin. [ST]
“Panandhang badhe dados endah yen dipun alami kanthi sabar, tawekal lan wicaksana”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar