Selasa, 18 September 2012

Sih Piwelas


Waosan: Lukas 7: 11-17.
Pamuji: KPK 18
Nats: “Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welase, banjur ngandika marang randha mau : Aja nangis!”(13)
Salah satunggaling jejibahanipun Diaken ppasamuwan inggih punika tetuwi dhateng warga ingkang nandang kasisahan, sae punika karana nandang sesakit utawi katilar dening brayatipun. Nalika tetuwi dhateng warga ingkang sakit, Pendeta utawi Diaken punika adatipun maosaken Kitab Suci, ngiyataken tiyang ingkang sakit, nglipur ingkang kasripahan, ugi ngaturaken pandonga dhateng Gusti kangge tiyang sakit wau utawi kangge brayat ingkang nandang kasisahan. Boten namung punika kemawon, malah ugi bantu sacara materi kangge tiyang sesakit / kasripahan punika. Sedaya punika katindakaken adhedhasar manah ingkang kebak sih piwelas.
Kados waosan dinten punika, Gusti Yesus karsa nangekaken yoganipun randha ingkang sampun tilar donya. Karana sihipun Gusti Yesus karsa nulungi randha ingkang nandhang kasisahan. Gusti Yesus nglipur randha punika sarana ngawontenaken mukjijat. Anak randha punika katangekaken saking pepejah. Gusti Yesus ngendika, ”Tangia!” Sanalika bocah punika gesang malih. Sadaya ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus punika dhedhasar manah ingkang kebak ing sih piwelas.
Gusti kita Gusti ingkang mahawelas dhateng manungsa. Kawelasanipun Gusti boten mandheg ing manah, nanging maujud ing tumindak nyata mitulungi tiyang ingkang dipun welasi. Kawelasan tanpa tumindak punika nglaha, tanpa gina. Kita selaku ingkang sampun makaping-kaping dipun welasi dening Gusti, kedahipun ugi makaten. Asring kita rumaos welas nyawang tiyang sisah, nanging boten tumindak punapa-punapa. Sumangga kita wujudaken sih kawelasan kita kanthi tumindak nyata atur pitulungan. Amin. (AR)
“Kawelasan kang satuhu maujud in tumindak utami”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar